Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #168 Translated in Jawa

وَإِذْ قَالَتْ أُمَّةٌ مِنْهُمْ لِمَ تَعِظُونَ قَوْمًا ۙ اللَّهُ مُهْلِكُهُمْ أَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ قَالُوا مَعْذِرَةً إِلَىٰ رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Lan nalikané ana sagolo- ngan saka dhèwèké acalathu: Yagéné kowé amituturi wong kang bakal padha linebur déning Allah utawa bakal padha siniksa kalawan siksa kang abanget? Padha mang- suli: Supaya luputa saka ing cacad ing ngarsané Pangéranmu, lan manawa-manawa dhèwèké bakal padha anjaga dhiri
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ أَنْجَيْنَا الَّذِينَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوءِ وَأَخَذْنَا الَّذِينَ ظَلَمُوا بِعَذَابٍ بَئِيسٍ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Lah bareng padha anglir- waké barang kang dhèwèké padha diélingaké, Ingsun anylametaké para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha murang yekti
فَلَمَّا عَتَوْا عَنْ مَا نُهُوا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ
Mulané, bareng padha andalarung paneraké ing barang papacuh tumrap dhèwèké, Ingsun ngandika marang dhèwèké: Padha dadia kethèk, inginakaké lan sinengitan.a
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَنْ يَسُومُهُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۗ إِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيعُ الْعِقَابِ ۖ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan nalikané Pangéranira angundhangaké, yèn Panjenengané yekti bakal utusan anekani dhèwèké, tumeka dina kiyamat, yaiku kang bakal ani- bakaké siksa kang ala marang dhèwèké; sayekti Pangéranira iku rikat temenan ing pamales , lan sayekti Panje- nengané iku satuhu Aparamarta, Mahaasih
وَقَطَّعْنَاهُمْ فِي الْأَرْضِ أُمَمًا ۖ مِنْهُمُ الصَّالِحُونَ وَمِنْهُمْ دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَبَلَوْنَاهُمْ بِالْحَسَنَاتِ وَالسَّيِّئَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké ing bumi dadi para bangsa, sawenèhé padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono, lan Ingsun anyoba dhèwèké kalawan mujur lan kojur, supaya dhèwèké padha bali

Choose other languages: