Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #169 Translated in Jawa

فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ أَنْجَيْنَا الَّذِينَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوءِ وَأَخَذْنَا الَّذِينَ ظَلَمُوا بِعَذَابٍ بَئِيسٍ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Lah bareng padha anglir- waké barang kang dhèwèké padha diélingaké, Ingsun anylametaké para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha murang yekti
فَلَمَّا عَتَوْا عَنْ مَا نُهُوا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ
Mulané, bareng padha andalarung paneraké ing barang papacuh tumrap dhèwèké, Ingsun ngandika marang dhèwèké: Padha dadia kethèk, inginakaké lan sinengitan.a
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَنْ يَسُومُهُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۗ إِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيعُ الْعِقَابِ ۖ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan nalikané Pangéranira angundhangaké, yèn Panjenengané yekti bakal utusan anekani dhèwèké, tumeka dina kiyamat, yaiku kang bakal ani- bakaké siksa kang ala marang dhèwèké; sayekti Pangéranira iku rikat temenan ing pamales , lan sayekti Panje- nengané iku satuhu Aparamarta, Mahaasih
وَقَطَّعْنَاهُمْ فِي الْأَرْضِ أُمَمًا ۖ مِنْهُمُ الصَّالِحُونَ وَمِنْهُمْ دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَبَلَوْنَاهُمْ بِالْحَسَنَاتِ وَالسَّيِّئَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké ing bumi dadi para bangsa, sawenèhé padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono, lan Ingsun anyoba dhèwèké kalawan mujur lan kojur, supaya dhèwèké padha bali
فَخَلَفَ مِنْ بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَرِثُوا الْكِتَابَ يَأْخُذُونَ عَرَضَ هَٰذَا الْأَدْنَىٰ وَيَقُولُونَ سَيُغْفَرُ لَنَا وَإِنْ يَأْتِهِمْ عَرَضٌ مِثْلُهُ يَأْخُذُوهُ ۚ أَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِمْ مِيثَاقُ الْكِتَابِ أَنْ لَا يَقُولُوا عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوا مَا فِيهِ ۗ وَالدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ
Tumuli, ing sapungkuré dhèwèké, kang gumanti, turun kang ala, kang maris Kitab, mung padha ngalap barang ora langgeng ing kauripan kang asor iki sarta padha acalathu: Bakal ingapura aku. Lan manawa ana ba- rang padhané iku tumeka marang dhèwèké, iku dhèwèké bakal nampani. Apa aprajanji ing dalem Kitab ora wus kapundhut marang dhèwèké, yaiku yèn dhèwèké ora bakal padha acalathu ingatasé Allah kajaba kang sanyata, lan dhèwèké wis padha maca apa kang ana ing jeroné; lan padunungan akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha anjaga diri . Lah apa ta kowé padha ora ngerti

Choose other languages: