Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #20 Translated in Jawa

وَمِنْهُمْ مَنْ يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ حَتَّىٰ إِذَا خَرَجُوا مِنْ عِنْدِكَ قَالُوا لِلَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ آنِفًا ۚ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ
Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe
وَالَّذِينَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَآتَاهُمْ تَقْوَاهُمْ
Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah
فَهَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا السَّاعَةَ أَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۖ فَقَدْ جَاءَ أَشْرَاطُهَا ۚ فَأَنَّىٰ لَهُمْ إِذَا جَاءَتْهُمْ ذِكْرَاهُمْ
Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
فَاعْلَمْ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوَاكُمْ
Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu
وَيَقُولُ الَّذِينَ آمَنُوا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُورَةٌ ۖ فَإِذَا أُنْزِلَتْ سُورَةٌ مُحْكَمَةٌ وَذُكِرَ فِيهَا الْقِتَالُ ۙ رَأَيْتَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ يَنْظُرُونَ إِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِ ۖ فَأَوْلَىٰ لَهُمْ
Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati

Choose other languages: