Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #19 Translated in Jawa

مَثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۖ فِيهَا أَنْهَارٌ مِنْ مَاءٍ غَيْرِ آسِنٍ وَأَنْهَارٌ مِنْ لَبَنٍ لَمْ يَتَغَيَّرْ طَعْمُهُ وَأَنْهَارٌ مِنْ خَمْرٍ لَذَّةٍ لِلشَّارِبِينَ وَأَنْهَارٌ مِنْ عَسَلٍ مُصَفًّى ۖ وَلَهُمْ فِيهَا مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ وَمَغْفِرَةٌ مِنْ رَبِّهِمْ ۖ كَمَنْ هُوَ خَالِدٌ فِي النَّارِ وَسُقُوا مَاءً حَمِيمًا فَقَطَّعَ أَمْعَاءَهُمْ
Saumpamane suwarga kang dijanjekake dening Allah bakal diganjarake marang para wong kang bekti, ana bengawan kang mili banyu kang ora owah, lan ana bengawane mili pohan kang ora bisa owah rasane, apadene ana bengawan mili saceng ang enak rasane tumrap wong kang padha ngombe. Lan anabengawane mili madu kang bening. Wong mukmin ana suwarga padha duwe woh - wohan akeh tur warna - warna lan oleh pangapura saka Pangerane padha karo wong kang ana neraka iku tetimbangane langgeng. Dicangar nganggo wedang panas mulane ususe padha ajur
وَمِنْهُمْ مَنْ يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ حَتَّىٰ إِذَا خَرَجُوا مِنْ عِنْدِكَ قَالُوا لِلَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ مَاذَا قَالَ آنِفًا ۚ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَاتَّبَعُوا أَهْوَاءَهُمْ
Sawenehe wongkafir ana kang padha ngrungokake gunemme (wulangane Muhammad), bareng wis mundur saka ngarepira banjur padha geguyu. Kandhane marang wong kang kadunungan kaweruh (para shahabat), "Apa kang dikandhakake mau?" Wong kang mangkono mau atine wis dikunci dening Allah. Banjur nglakoni sakarep - karepe dhewe
وَالَّذِينَ اهْتَدَوْا زَادَهُمْ هُدًى وَآتَاهُمْ تَقْوَاهُمْ
Dene wong kang padha oleh pituduh diparingi tambah pituduh maneh sarta diparingi ati bekti ing Allah
فَهَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا السَّاعَةَ أَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۖ فَقَدْ جَاءَ أَشْرَاطُهَا ۚ فَأَنَّىٰ لَهُمْ إِذَا جَاءَتْهُمْ ذِكْرَاهُمْ
Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
فَاعْلَمْ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوَاكُمْ
Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu

Choose other languages: