Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #22 Translated in Jawa

فَهَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا السَّاعَةَ أَنْ تَأْتِيَهُمْ بَغْتَةً ۖ فَقَدْ جَاءَ أَشْرَاطُهَا ۚ فَأَنَّىٰ لَهُمْ إِذَا جَاءَتْهُمْ ذِكْرَاهُمْ
Wong kafir ngenteni apa? ora liya ngenteni dina qiyamat kang tekane ngegetake, kang mangka saiki satemene tandha - tandhane wis ana. Menawa wis teka piye anggone arep padha eling taubat (ing Allah)
فَاعْلَمْ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنْبِكَ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مُتَقَلَّبَكُمْ وَمَثْوَاكُمْ
Sira weruha satemene ora ana sesembahan kelawan bener mung Allah piyambak, lan nyuwuna pangapurane dosanira lan dosane wong mukmin lanang lan wadon. Allah nguningani mlah - malihe panggawemu
وَيَقُولُ الَّذِينَ آمَنُوا لَوْلَا نُزِّلَتْ سُورَةٌ ۖ فَإِذَا أُنْزِلَتْ سُورَةٌ مُحْكَمَةٌ وَذُكِرَ فِيهَا الْقِتَالُ ۙ رَأَيْتَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ يَنْظُرُونَ إِلَيْكَ نَظَرَ الْمَغْشِيِّ عَلَيْهِ مِنَ الْمَوْتِ ۖ فَأَوْلَىٰ لَهُمْ
Wong mukmin padha kandha, "Ya gene ora ana dhawuh (perang)?" Barang ana dhawuhing perang, sira deleng wong kang atine lamis iku padha deleng marang sira arupa wong kang wedi mati
طَاعَةٌ وَقَوْلٌ مَعْرُوفٌ ۚ فَإِذَا عَزَمَ الْأَمْرُ فَلَوْ صَدَقُوا اللَّهَ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ
Wajibe mung sendika sarta mangsuli nganggo tembung becik. Bareng tekane gawe perang wong lamis padha nyidrani kasaguhane, umpamane padha ngandel prasetyaning ALlah luwih becik tumrap awake
فَهَلْ عَسَيْتُمْ إِنْ تَوَلَّيْتُمْ أَنْ تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَتُقَطِّعُوا أَرْحَامَكُمْ
Bok menawa kowe nyekel kuasa apa banjur bali gawe rusak ana bumi lan padha medhot paseduluran

Choose other languages: