Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #14 Translated in Jawa

سَوَاءٌ مِنْكُمْ مَنْ أَسَرَّ الْقَوْلَ وَمَنْ جَهَرَ بِهِ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍ بِاللَّيْلِ وَسَارِبٌ بِالنَّهَارِ
Padha sapa saka ing antaranira kang anyingidaké pangucap lan sapa kang anglairaké apa déné sapa kang singidan ing wengi tuwin kang metu ing raina
لَهُ مُعَقِّبَاتٌ مِنْ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهِ يَحْفَظُونَهُ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنْفُسِهِمْ ۗ وَإِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِقَوْمٍ سُوءًا فَلَا مَرَدَّ لَهُ ۚ وَمَا لَهُمْ مِنْ دُونِهِ مِنْ وَالٍ
padha angetutaké dhèwèké, ana ing ngarepé sarta ana ing buriné, kang padha rumeksa dhèwèké atas saking paréntahing Allah. Sayekti, Allah iku ora angéwahi kaananing para manusa, nganti dhèwèké padha angowahi kaanané dhéwé; lan manawa Allah angarsakaké ala tumrap para ma- nusa, lan ora bakal ana panulaké, sarta saliyané Panjenengané dhè- wèké padha ora duwé kakawal
هُوَ الَّذِي يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنْشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَ
Panjenengané iku Kang anga- tonaké kilat ing sira, andadèkaké wedi lan pangarep-arep, sarta andadèkaké mendhung kang abot
وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهِ وَالْمَلَائِكَةُ مِنْ خِيفَتِهِ وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيبُ بِهَا مَنْ يَشَاءُ وَهُمْ يُجَادِلُونَ فِي اللَّهِ وَهُوَ شَدِيدُ الْمِحَالِ
Lan baledhèg iku mahasucèk- aké Panjenengané kalawan panga- lembana-Né, mangkono uga para malaikat, amarga saka wediné ing Panjenengané; lan Panjenengané angutus panah-panahing baledhèg, iku angenani sapa kang dadi kapa- renging karsa-Né; éwadéné dhè- wèké padha madoni ing bab Allah, lan Panjenengané iku keras ing dalem kawanèn
لَهُ دَعْوَةُ الْحَقِّ ۖ وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ لَا يَسْتَجِيبُونَ لَهُمْ بِشَيْءٍ إِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ إِلَى الْمَاءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهِ ۚ وَمَا دُعَاءُ الْكَافِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَالٍ
Marang Panjenengané panyu- wun kang bener iku; lan para kang padha nyunyuwun saliyané Allah, iku ora bakal nyembadani marang dhèwèké ananging kaya wong kang nguluraké tangané loro marang banyu, amurih tumekaa marang cangkemé, ana- nging ora bakal iku tumeka mrono; lan ora liya panyuwuné para kafir iku kajaba muspra

Choose other languages: