Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #16 Translated in Jawa

هُوَ الَّذِي يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنْشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَ
Panjenengané iku Kang anga- tonaké kilat ing sira, andadèkaké wedi lan pangarep-arep, sarta andadèkaké mendhung kang abot
وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهِ وَالْمَلَائِكَةُ مِنْ خِيفَتِهِ وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيبُ بِهَا مَنْ يَشَاءُ وَهُمْ يُجَادِلُونَ فِي اللَّهِ وَهُوَ شَدِيدُ الْمِحَالِ
Lan baledhèg iku mahasucèk- aké Panjenengané kalawan panga- lembana-Né, mangkono uga para malaikat, amarga saka wediné ing Panjenengané; lan Panjenengané angutus panah-panahing baledhèg, iku angenani sapa kang dadi kapa- renging karsa-Né; éwadéné dhè- wèké padha madoni ing bab Allah, lan Panjenengané iku keras ing dalem kawanèn
لَهُ دَعْوَةُ الْحَقِّ ۖ وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِهِ لَا يَسْتَجِيبُونَ لَهُمْ بِشَيْءٍ إِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ إِلَى الْمَاءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهِ ۚ وَمَا دُعَاءُ الْكَافِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَالٍ
Marang Panjenengané panyu- wun kang bener iku; lan para kang padha nyunyuwun saliyané Allah, iku ora bakal nyembadani marang dhèwèké ananging kaya wong kang nguluraké tangané loro marang banyu, amurih tumekaa marang cangkemé, ana- nging ora bakal iku tumeka mrono; lan ora liya panyuwuné para kafir iku kajaba muspra
وَلِلَّهِ يَسْجُدُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ طَوْعًا وَكَرْهًا وَظِلَالُهُمْ بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ ۩
Lan marang Allah sumung- kemé samubarang kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kalawan ambangun-turut sarta kalawan kapeksa, mangkono uga ayang- ayangé, ing wayah ésuk lan soré.a
قُلْ مَنْ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ قُلِ اللَّهُ ۚ قُلْ أَفَاتَّخَذْتُمْ مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءَ لَا يَمْلِكُونَ لِأَنْفُسِهِمْ نَفْعًا وَلَا ضَرًّا ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ أَمْ هَلْ تَسْتَوِي الظُّلُمَاتُ وَالنُّورُ ۗ أَمْ جَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ خَلَقُوا كَخَلْقِهِ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْ ۚ قُلِ اللَّهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ
Calathua: Sapa ta Pangéran- ing langit-langit lan bumi? Cala- thua: Allah. Calathua: Lah yagéné kowé padha angalap pangayoman saliyané Panjenengané, kang ora bisa anguwasani marang awaké dhéwé, apa amakolèhi apa amitu- nani? Calathua: Apa padha wong wuta karo wong kang waras pandelengé? Utawa, apa padha pepeteng karo papadhang? Utawa, apa padha angedegaké sekuthon jèjèraning Allah, kang anganakaké titah kaya titah-É mangkono, nganti apa kang tumitah iki dadi kisruh tumrap dhèwèké? Calathua: Allah iku Ingkang-Anitahaké sa- mubarang, lan Panjenengané iku Ingkang Maha-tunggal, Ingkang- Mahawisésa. A

Choose other languages: