Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #74 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ عَلِيمًا
Iki lubèring kadarman saka ing Allah, lan wis cukup Allah Ingkang-Anguningani
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا خُذُوا حِذْرَكُمْ فَانْفِرُوا ثُبَاتٍ أَوِ انْفِرُوا جَمِيعًا
É, para kang padha angèstu, padha pasangen kaprayitnanira, mulané padha mangsaha sagolo- ngan-sagolongan utawa mangsaha bareng kabèh
وَإِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَيُبَطِّئَنَّ فَإِنْ أَصَابَتْكُمْ مُصِيبَةٌ قَالَ قَدْ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيَّ إِذْ لَمْ أَكُنْ مَعَهُمْ شَهِيدًا
Lan sayekti sawenèhira ana kang pancèn angèrèni! Lah mana- wa babaya angenani sira, angucap: Temen Allah wus aparing nugraha marang aku, déné aku ora teka ambarengi dhèwèké
وَلَئِنْ أَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِنَ اللَّهِ لَيَقُولَنَّ كَأَنْ لَمْ تَكُنْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُ مَوَدَّةٌ يَا لَيْتَنِي كُنْتُ مَعَهُمْ فَأَفُوزَ فَوْزًا عَظِيمًا
Lan manawa lubèring kadar- man saka ing Allah anekani sira, masthi bakal angucap, sajaké antaranira karo dhèwèké kaya ora ana sambunging sih katresnan: O, mungguh aku ambarengana dhè- wèké, amasthi aku bakal éntuk olèh-olèhan gedhé
فَلْيُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ الَّذِينَ يَشْرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا بِالْآخِرَةِ ۚ وَمَنْ يُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَيُقْتَلْ أَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا
Mulané padha peranga ing dadalaning Allah para kang padha angedol kauripan donya iki ma- mrih akhirat; lan sapa sing perang ing dadalaning Allah, apa banjur kapatènan apa menang, iku masthi bakal Ingsun paringi pituwas kang agung

Choose other languages: