Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #76 Translated in Jawa

وَإِنَّ مِنْكُمْ لَمَنْ لَيُبَطِّئَنَّ فَإِنْ أَصَابَتْكُمْ مُصِيبَةٌ قَالَ قَدْ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيَّ إِذْ لَمْ أَكُنْ مَعَهُمْ شَهِيدًا
Lan sayekti sawenèhira ana kang pancèn angèrèni! Lah mana- wa babaya angenani sira, angucap: Temen Allah wus aparing nugraha marang aku, déné aku ora teka ambarengi dhèwèké
وَلَئِنْ أَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِنَ اللَّهِ لَيَقُولَنَّ كَأَنْ لَمْ تَكُنْ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُ مَوَدَّةٌ يَا لَيْتَنِي كُنْتُ مَعَهُمْ فَأَفُوزَ فَوْزًا عَظِيمًا
Lan manawa lubèring kadar- man saka ing Allah anekani sira, masthi bakal angucap, sajaké antaranira karo dhèwèké kaya ora ana sambunging sih katresnan: O, mungguh aku ambarengana dhè- wèké, amasthi aku bakal éntuk olèh-olèhan gedhé
فَلْيُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ الَّذِينَ يَشْرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا بِالْآخِرَةِ ۚ وَمَنْ يُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَيُقْتَلْ أَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا
Mulané padha peranga ing dadalaning Allah para kang padha angedol kauripan donya iki ma- mrih akhirat; lan sapa sing perang ing dadalaning Allah, apa banjur kapatènan apa menang, iku masthi bakal Ingsun paringi pituwas kang agung
وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا أَخْرِجْنَا مِنْ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ أَهْلُهَا وَاجْعَلْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ وَلِيًّا وَاجْعَلْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ نَصِيرًا
Lan apa ta karananira sira padha ora perang ing dadalaning Allah lan wong-wong lanang lan wong-wong wadon sar- ta bocah-bocah kang padha apes, kang padha munjuk: Pangéran kawula! mugi kawula Tuwan wedalaken saking nagari punika, ingkang tiyangipun para anganiaya, saha mugi Tuwan apa- ring dhateng kawula pangayoman saking ngarsa Tuwan, punapa déné mugi Tuwan aparing dhateng kawula panulung saking ngarsa Tuwan
الَّذِينَ آمَنُوا يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ الطَّاغُوتِ فَقَاتِلُوا أَوْلِيَاءَ الشَّيْطَانِ ۖ إِنَّ كَيْدَ الشَّيْطَانِ كَانَ ضَعِيفًا
Para kang padha angèstu iku padha perang ing dadalaning Allah, lan para kang padha kafir iku padha perang ing dadalaning sétan. Mulané padha peranga lumawan para mitraning sétan; sayekti upayaning sétan iku apes

Choose other languages: