Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #69 Translated in Jawa

فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوا فِي أَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Nanging ora! dhemi Pangéra- nira, dhèwèké iku padha ora angèstu nganti tumekané dhèwèké padha anetepaké sira dadi juru nibakaké bebeneran ing dalem prakara kang dadi sulaya antarané awaké, tumuli ing atiné ora ana rupeké tumrap pancasanira sarta padha manut kalawan sumarah
وَلَوْ أَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ أَنِ اقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ أَوِ اخْرُجُوا مِنْ دِيَارِكُمْ مَا فَعَلُوهُ إِلَّا قَلِيلٌ مِنْهُمْ ۖ وَلَوْ أَنَّهُمْ فَعَلُوا مَا يُوعَظُونَ بِهِ لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ وَأَشَدَّ تَثْبِيتًا
Lan manawa Ingsun anetep- ana wajib marang dhèwèké: Padha tohna jiwanira utawa lungaa saka ing nagaranira, iku ora bakal padha anindakaké, kajaba ana sathithik; lan saupama dhèwèké padha anindakna apa kang dipitu- turaké marang dhèwèké, amasthi luwih becik awaké sarta anetepaké bangeting kukuhé
وَإِذًا لَآتَيْنَاهُمْ مِنْ لَدُنَّا أَجْرًا عَظِيمًا
Lan amasthi tumuli padha Ingsun paringi ganjaran gedhé saka ing ngarsa-Ningsun dhéwé
وَلَهَدَيْنَاهُمْ صِرَاطًا مُسْتَقِيمًا
Sarta amasthi padha Ingsun tuntun ing dalan kang bener
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَالرَّسُولَ فَأُولَٰئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِينَ ۚ وَحَسُنَ أُولَٰئِكَ رَفِيقًا
Lan sapa sing ambangunturut ing Allah lan Utusan, lah ya iki panunggalané para kang padha kaparingan nugraha déning Allah, kaya ta: para nabi, lan para wong temen, sarta para babanten tuwin para wong tulus, lan réwang kang becik banget iki

Choose other languages: