Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #71 Translated in Jawa

وَإِذًا لَآتَيْنَاهُمْ مِنْ لَدُنَّا أَجْرًا عَظِيمًا
Lan amasthi tumuli padha Ingsun paringi ganjaran gedhé saka ing ngarsa-Ningsun dhéwé
وَلَهَدَيْنَاهُمْ صِرَاطًا مُسْتَقِيمًا
Sarta amasthi padha Ingsun tuntun ing dalan kang bener
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَالرَّسُولَ فَأُولَٰئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِينَ ۚ وَحَسُنَ أُولَٰئِكَ رَفِيقًا
Lan sapa sing ambangunturut ing Allah lan Utusan, lah ya iki panunggalané para kang padha kaparingan nugraha déning Allah, kaya ta: para nabi, lan para wong temen, sarta para babanten tuwin para wong tulus, lan réwang kang becik banget iki
ذَٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ عَلِيمًا
Iki lubèring kadarman saka ing Allah, lan wis cukup Allah Ingkang-Anguningani
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا خُذُوا حِذْرَكُمْ فَانْفِرُوا ثُبَاتٍ أَوِ انْفِرُوا جَمِيعًا
É, para kang padha angèstu, padha pasangen kaprayitnanira, mulané padha mangsaha sagolo- ngan-sagolongan utawa mangsaha bareng kabèh

Choose other languages: