Surah An-Nisa Ayahs #64 Translated in Jawa
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يَزْعُمُونَ أَنَّهُمْ آمَنُوا بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ يُرِيدُونَ أَنْ يَتَحَاكَمُوا إِلَى الطَّاغُوتِ وَقَدْ أُمِرُوا أَنْ يَكْفُرُوا بِهِ وَيُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُضِلَّهُمْ ضَلَالًا بَعِيدًا
Apa sira ora andeleng marang para kang padha angaku yèn padha angèstu marang apa kang kadha- wuhaké marang sira sarta apa kang kadhawuhaké ing sadurungira? Dhèwèké padha duwé karep an- jaluk bebeneran marang sétan, sanajan wis padha didhawuhi, iki ingandikakaké angafiri, lan si sétan duwé karep arep anasaraké dhè- wèké kalawan sasar kang adoh
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ رَأَيْتَ الْمُنَافِقِينَ يَصُدُّونَ عَنْكَ صُدُودًا
Lan samangsané padha di- calathoni: Ayo padha tumekaa marang apa sing kadhawuhaké déning Allah lan marang Utusan, sira bakal weruh para lamis padha maléngos saka ing sira kalawan pamalèngos kang abanget
فَكَيْفَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ ثُمَّ جَاءُوكَ يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ إِنْ أَرَدْنَا إِلَّا إِحْسَانًا وَتَوْفِيقًا
Nanging kapriyé manawa babaya anibani dhèwèké, amarga saka panggawéné tangan-tangané kang dhisik-dhisik? Tumuli padha anekani sira, kalawan sumpah dhemi Allah: Kajeng kula boten sanès kajawi saé sarta pirukun
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يَعْلَمُ اللَّهُ مَا فِي قُلُوبِهِمْ فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُلْ لَهُمْ فِي أَنْفُسِهِمْ قَوْلًا بَلِيغًا
Iki para kang apa sing ana ing sajroning ati-atiné, Allah angu- ningani; mulané padha singkirana lan padha tuturana sarta padha kandanana prakara awaké kalawan tembung kang mranani
وَمَا أَرْسَلْنَا مِنْ رَسُولٍ إِلَّا لِيُطَاعَ بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَلَوْ أَنَّهُمْ إِذْ ظَلَمُوا أَنْفُسَهُمْ جَاءُوكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللَّهَ وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُولُ لَوَجَدُوا اللَّهَ تَوَّابًا رَحِيمًا
Anggon-Ingsun angutus Utu- san iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah; lan saupama dhèwèké iku nalikané padha atindak dudu marang awaké dhéwé anekani sira, banjur nyu- wun pangapura ing Allah sarta Utusan anyuwunaké panga- pura dhèwèké, amasthi padha katemu nyatané, Allah iku tansah awongsal-wangsul , Mahaasih
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
