Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #63 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الْأَمْرِ مِنْكُمْ ۖ فَإِنْ تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللَّهِ وَالرَّسُولِ إِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا
É, para kang padha angèstu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan padha ambangun-turuta ing Utusan sarta kang nyekel paprén- tahan saka ing antaranira; lah, manawa sira padha pasulayan ing dalem sawijining prakara, iku iya balèkna marang Allah lan Utusan, yèn ta sira iku padha angèstu ing Allah lan dina akhir; iki luwih prayoga sarta wusanané luwih déning becik
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يَزْعُمُونَ أَنَّهُمْ آمَنُوا بِمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنْزِلَ مِنْ قَبْلِكَ يُرِيدُونَ أَنْ يَتَحَاكَمُوا إِلَى الطَّاغُوتِ وَقَدْ أُمِرُوا أَنْ يَكْفُرُوا بِهِ وَيُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَنْ يُضِلَّهُمْ ضَلَالًا بَعِيدًا
Apa sira ora andeleng marang para kang padha angaku yèn padha angèstu marang apa kang kadha- wuhaké marang sira sarta apa kang kadhawuhaké ing sadurungira? Dhèwèké padha duwé karep an- jaluk bebeneran marang sétan, sanajan wis padha didhawuhi, iki ingandikakaké angafiri, lan si sétan duwé karep arep anasaraké dhè- wèké kalawan sasar kang adoh
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ رَأَيْتَ الْمُنَافِقِينَ يَصُدُّونَ عَنْكَ صُدُودًا
Lan samangsané padha di- calathoni: Ayo padha tumekaa marang apa sing kadhawuhaké déning Allah lan marang Utusan, sira bakal weruh para lamis padha maléngos saka ing sira kalawan pamalèngos kang abanget
فَكَيْفَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ ثُمَّ جَاءُوكَ يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ إِنْ أَرَدْنَا إِلَّا إِحْسَانًا وَتَوْفِيقًا
Nanging kapriyé manawa babaya anibani dhèwèké, amarga saka panggawéné tangan-tangané kang dhisik-dhisik? Tumuli padha anekani sira, kalawan sumpah dhemi Allah: Kajeng kula boten sanès kajawi saé sarta pirukun
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يَعْلَمُ اللَّهُ مَا فِي قُلُوبِهِمْ فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُلْ لَهُمْ فِي أَنْفُسِهِمْ قَوْلًا بَلِيغًا
Iki para kang apa sing ana ing sajroning ati-atiné, Allah angu- ningani; mulané padha singkirana lan padha tuturana sarta padha kandanana prakara awaké kalawan tembung kang mranani

Choose other languages: