Surah An-Nisa Ayahs #18 Translated in Jawa
وَمَنْ يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina
وَاللَّاتِي يَأْتِينَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِسَائِكُمْ فَاسْتَشْهِدُوا عَلَيْهِنَّ أَرْبَعَةً مِنْكُمْ ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَأَمْسِكُوهُنَّ فِي الْبُيُوتِ حَتَّىٰ يَتَوَفَّاهُنَّ الْمَوْتُ أَوْ يَجْعَلَ اللَّهُ لَهُنَّ سَبِيلًا
(Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara)
وَاللَّذَانِ يَأْتِيَانِهَا مِنْكُمْ فَآذُوهُمَا ۖ فَإِنْ تَابَا وَأَصْلَحَا فَأَعْرِضُوا عَنْهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ تَوَّابًا رَحِيمًا
Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen dene wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, yen wis nengna wae. Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Maha Asih
إِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللَّهِ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السُّوءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوبُونَ مِنْ قَرِيبٍ فَأُولَٰئِكَ يَتُوبُ اللَّهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala kang padha klimput atine (jalaran saka ora mangerti), kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku diparengake tobate dening Allah. Allah iku Ngudaneni tur Maha Wicaksana
وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّىٰ إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang, kang nganti tekan waktu mati lagi matur: "Ing sapunika kawula tobat". Lan ora tumrap wong kang padha mati kafir. Wong mangkono mau Ingsun ancam kelawan siksa kang nglarani
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
