Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #17 Translated in Jawa

تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۚ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung
وَمَنْ يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُهِينٌ
Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina
وَاللَّاتِي يَأْتِينَ الْفَاحِشَةَ مِنْ نِسَائِكُمْ فَاسْتَشْهِدُوا عَلَيْهِنَّ أَرْبَعَةً مِنْكُمْ ۖ فَإِنْ شَهِدُوا فَأَمْسِكُوهُنَّ فِي الْبُيُوتِ حَتَّىٰ يَتَوَفَّاهُنَّ الْمَوْتُ أَوْ يَجْعَلَ اللَّهُ لَهُنَّ سَبِيلًا
(Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara)
وَاللَّذَانِ يَأْتِيَانِهَا مِنْكُمْ فَآذُوهُمَا ۖ فَإِنْ تَابَا وَأَصْلَحَا فَأَعْرِضُوا عَنْهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ تَوَّابًا رَحِيمًا
Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen dene wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, yen wis nengna wae. Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Maha Asih
إِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللَّهِ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السُّوءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوبُونَ مِنْ قَرِيبٍ فَأُولَٰئِكَ يَتُوبُ اللَّهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala kang padha klimput atine (jalaran saka ora mangerti), kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku diparengake tobate dening Allah. Allah iku Ngudaneni tur Maha Wicaksana

Choose other languages: