Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #145 Translated in Jawa

الَّذِينَ يَتَرَبَّصُونَ بِكُمْ فَإِنْ كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِنَ اللَّهِ قَالُوا أَلَمْ نَكُنْ مَعَكُمْ وَإِنْ كَانَ لِلْكَافِرِينَ نَصِيبٌ قَالُوا أَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُمْ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ ۚ فَاللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَلَنْ يَجْعَلَ اللَّهُ لِلْكَافِرِينَ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ سَبِيلًا
Para kang padha anganti- anti ing sira; lah manawa sira padha olèh ka- menangan saka ing Allah, padha calathu: Apa ta aku iki padha dudu rowangmu? Lan manawa kabegjan dumunung ing para kafir, padha acalathu: Apa aku iki ora padha amakolèhaké unggul tumrap ma- rang kowé sarta ananggulangi kowé saka para angèstu? Kang iku, ing dina kiyamat, Allah bakal anibakaké bebeneran ing antara- nira; lan ora pisan Allah bakal andamelaké dalan para kafir kang- go angalahaké para angèstu
إِنَّ الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى الصَّلَاةِ قَامُوا كُسَالَىٰ يُرَاءُونَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُونَ اللَّهَ إِلَّا قَلِيلًا
Sayekti, para lamis padha sir apus-apus ing Allah, lan Panje- nengané bakal males anggoné padha apus-apus; lan manawa dhèwèké padha menyat arep salat, menyaté kalawan wegah; mung amrih dinelenga ing wong, sarta ora padha angangen-angen ing Allah, kajaba sathithik
مُذَبْذَبِينَ بَيْنَ ذَٰلِكَ لَا إِلَىٰ هَٰؤُلَاءِ وَلَا إِلَىٰ هَٰؤُلَاءِ ۚ وَمَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ سَبِيلًا
Padha gajeg-gajeg antarané kuwi , ora kuwi lan ora kuwi; lan sapa sing sinasaraké Allah, ya ora bakal sira nemu dalan tumrap dhèwèké.a
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الْكَافِرِينَ أَوْلِيَاءَ مِنْ دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۚ أَتُرِيدُونَ أَنْ تَجْعَلُوا لِلَّهِ عَلَيْكُمْ سُلْطَانًا مُبِينًا
É, para kang padha angèstu, aja padha aluwung apèk panga- yoman para kafir tinimbang para angèstu;b apa sira nedya padha agawé tandha yekti tétéla konjuk ing Allah, kang mitunani ing sira
إِنَّ الْمُنَافِقِينَ فِي الدَّرْكِ الْأَسْفَلِ مِنَ النَّارِ وَلَنْ تَجِدَ لَهُمْ نَصِيرًا
Sayekti, para lamis iku padha ana ing geni lapisan kang ngisor dhéwé, lan ora bakal sira nemu panulung tumrap marang dhèwèké

Choose other languages: