Surah An-Nisa Ayahs #107 Translated in Jawa
فَإِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلَاةَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِكُمْ ۚ فَإِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۚ إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَوْقُوتًا
Lah nalikané wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatasé para angèstu sawijining angger kang tinamtu wayahé
وَلَا تَهِنُوا فِي ابْتِغَاءِ الْقَوْمِ ۖ إِنْ تَكُونُوا تَأْلَمُونَ فَإِنَّهُمْ يَأْلَمُونَ كَمَا تَأْلَمُونَ ۖ وَتَرْجُونَ مِنَ اللَّهِ مَا لَا يَرْجُونَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dhèwèké padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dhèwèké padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana
إِنَّا أَنْزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَا أَرَاكَ اللَّهُ ۚ وَلَا تَكُنْ لِلْخَائِنِينَ خَصِيمًا
Sayekti, Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan kayektèn, supaya sira anibakaké bebeneran antarané para manusa kalawan apa kang wis disume- repaké déning Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolèhaké para cidra
وَاسْتَغْفِرِ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِينَ يَخْتَانُونَ أَنْفُسَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا أَثِيمًا
Lan aja angikal padu ama- kolèhaké para kang anglakoni palacidra marang jiwané dhéwé; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
