Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #106 Translated in Jawa

وَإِذَا كُنْتَ فِيهِمْ فَأَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلَاةَ فَلْتَقُمْ طَائِفَةٌ مِنْهُمْ مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا أَسْلِحَتَهُمْ فَإِذَا سَجَدُوا فَلْيَكُونُوا مِنْ وَرَائِكُمْ وَلْتَأْتِ طَائِفَةٌ أُخْرَىٰ لَمْ يُصَلُّوا فَلْيُصَلُّوا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا حِذْرَهُمْ وَأَسْلِحَتَهُمْ ۗ وَدَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ تَغْفُلُونَ عَنْ أَسْلِحَتِكُمْ وَأَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيلُونَ عَلَيْكُمْ مَيْلَةً وَاحِدَةً ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِنْ كَانَ بِكُمْ أَذًى مِنْ مَطَرٍ أَوْ كُنْتُمْ مَرْضَىٰ أَنْ تَضَعُوا أَسْلِحَتَكُمْ ۖ وَخُذُوا حِذْرَكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ أَعَدَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُهِينًا
Lan manawa sira ana ing antarané dhèwèké padha sarta anjumenengaké salat tumrap dhè- wèké, lah dhèwèké sing sapantha sira kona ngadeg bareng lan sira sarta padha nyekela gagamané; lah nalika padha sujud padha sira kona menyang ing burinira, lan sapantha liyané sing durung salat supaya majua banjur padha salata amba- rengi sira sarta padha ngrenggepa kaprayitnané lan gagamané; pangarep-arepé kang padha kafir, sira padha kalalèna gagama- nira lan gawanira, banjur dhèwèké arep angrempak ing sira kalawan panyerang kang ambabar-pisani; lan ora cacad ingatasé sira anyè- lèhaké gagamanira, manawa sira kena ing udan utawa pinuju lara, sarta padha angrenggepa kapra- yitnanira; sayekti Allah iku anya- dhiyakaké siksa kang angasoraké tumrap para kafir
فَإِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلَاةَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِكُمْ ۚ فَإِذَا اطْمَأْنَنْتُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۚ إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَوْقُوتًا
Lah nalikané wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatasé para angèstu sawijining angger kang tinamtu wayahé
وَلَا تَهِنُوا فِي ابْتِغَاءِ الْقَوْمِ ۖ إِنْ تَكُونُوا تَأْلَمُونَ فَإِنَّهُمْ يَأْلَمُونَ كَمَا تَأْلَمُونَ ۖ وَتَرْجُونَ مِنَ اللَّهِ مَا لَا يَرْجُونَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dhèwèké padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dhèwèké padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana
إِنَّا أَنْزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَا أَرَاكَ اللَّهُ ۚ وَلَا تَكُنْ لِلْخَائِنِينَ خَصِيمًا
Sayekti, Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan kayektèn, supaya sira anibakaké bebeneran antarané para manusa kalawan apa kang wis disume- repaké déning Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolèhaké para cidra
وَاسْتَغْفِرِ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: