Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #108 Translated in Jawa

وَلَا تَهِنُوا فِي ابْتِغَاءِ الْقَوْمِ ۖ إِنْ تَكُونُوا تَأْلَمُونَ فَإِنَّهُمْ يَأْلَمُونَ كَمَا تَأْلَمُونَ ۖ وَتَرْجُونَ مِنَ اللَّهِ مَا لَا يَرْجُونَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dhèwèké padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dhèwèké padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana
إِنَّا أَنْزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَا أَرَاكَ اللَّهُ ۚ وَلَا تَكُنْ لِلْخَائِنِينَ خَصِيمًا
Sayekti, Ingsun wus andha- wuhaké Kitab marang sira kalawan kayektèn, supaya sira anibakaké bebeneran antarané para manusa kalawan apa kang wis disume- repaké déning Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolèhaké para cidra
وَاسْتَغْفِرِ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِينَ يَخْتَانُونَ أَنْفُسَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا أَثِيمًا
Lan aja angikal padu ama- kolèhaké para kang anglakoni palacidra marang jiwané dhéwé; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa
يَسْتَخْفُونَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُونَ مِنَ اللَّهِ وَهُوَ مَعَهُمْ إِذْ يُبَيِّتُونَ مَا لَا يَرْضَىٰ مِنَ الْقَوْلِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطًا
Padha umpetan saka para manusa, lan ora padha umpetan saka ing Allah, lan Panjenengané iku anjenengi dhèwèké, nalika ing wengi padha angangen-angen tembung kang Panjenengané ora rena, lan Allah iku anglimputi samubarang kang padha di- lakoni

Choose other languages: