Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #111 Translated in Jawa

وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِينَ يَخْتَانُونَ أَنْفُسَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ خَوَّانًا أَثِيمًا
Lan aja angikal padu ama- kolèhaké para kang anglakoni palacidra marang jiwané dhéwé; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa
يَسْتَخْفُونَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُونَ مِنَ اللَّهِ وَهُوَ مَعَهُمْ إِذْ يُبَيِّتُونَ مَا لَا يَرْضَىٰ مِنَ الْقَوْلِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطًا
Padha umpetan saka para manusa, lan ora padha umpetan saka ing Allah, lan Panjenengané iku anjenengi dhèwèké, nalika ing wengi padha angangen-angen tembung kang Panjenengané ora rena, lan Allah iku anglimputi samubarang kang padha di- lakoni
هَا أَنْتُمْ هَٰؤُلَاءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فَمَنْ يُجَادِلُ اللَّهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَمْ مَنْ يَكُونُ عَلَيْهِمْ وَكِيلًا
Delengen! Sira iku kang padha angikal padu amakolèhaké dhèwèké ing dalem kauripan donya; ananging sapa sing bakal angikal padu marang Allah amakolèhaké dhèwèké ing dina kiyamat, utawa sapa sing bakal dadi pangayoman tumrap marang dhèwèké
وَمَنْ يَعْمَلْ سُوءًا أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللَّهَ يَجِدِ اللَّهَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan sapa sing anglakoni panggawé ala utawa atindak dudu marang jiwané dhéwé, tumuli nyu- wun pangapuraning Allah, masthi bakal nemu Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَمَنْ يَكْسِبْ إِثْمًا فَإِنَّمَا يَكْسِبُهُ عَلَىٰ نَفْسِهِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan sapa sing sing atindak dosa, lah tumindaké iku mung amitunani tumrap marang jiwané; lan Allah iku Anguningani, Wicak- sana

Choose other languages: