Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #113 Translated in Jawa

هَا أَنْتُمْ هَٰؤُلَاءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فَمَنْ يُجَادِلُ اللَّهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَمْ مَنْ يَكُونُ عَلَيْهِمْ وَكِيلًا
Delengen! Sira iku kang padha angikal padu amakolèhaké dhèwèké ing dalem kauripan donya; ananging sapa sing bakal angikal padu marang Allah amakolèhaké dhèwèké ing dina kiyamat, utawa sapa sing bakal dadi pangayoman tumrap marang dhèwèké
وَمَنْ يَعْمَلْ سُوءًا أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللَّهَ يَجِدِ اللَّهَ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan sapa sing anglakoni panggawé ala utawa atindak dudu marang jiwané dhéwé, tumuli nyu- wun pangapuraning Allah, masthi bakal nemu Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَمَنْ يَكْسِبْ إِثْمًا فَإِنَّمَا يَكْسِبُهُ عَلَىٰ نَفْسِهِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan sapa sing sing atindak dosa, lah tumindaké iku mung amitunani tumrap marang jiwané; lan Allah iku Anguningani, Wicak- sana
وَمَنْ يَكْسِبْ خَطِيئَةً أَوْ إِثْمًا ثُمَّ يَرْمِ بِهِ بَرِيئًا فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُبِينًا
Lan sapa sing anglakoni sawijining kaluputan utawa sawiji- ning dosa, tumuli angipataké iki marang sing ora magepokan, lah temen anggéndhong momotané wong doracara lan dosa kang tétéla
وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهُ لَهَمَّتْ طَائِفَةٌ مِنْهُمْ أَنْ يُضِلُّوكَ وَمَا يُضِلُّونَ إِلَّا أَنْفُسَهُمْ ۖ وَمَا يَضُرُّونَكَ مِنْ شَيْءٍ ۚ وَأَنْزَلَ اللَّهُ عَلَيْكَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُنْ تَعْلَمُ ۚ وَكَانَ فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكَ عَظِيمًا
Lan saupama ora anaa lubèring kadarmaning Allah tuwin wilasa-Né marang sira, amasthi dhèwèké sing sagolongan ane- tepaké sedya arep angrusakaké sira ananging ora liya kajaba angrusak jiwané dhéwé, lan ora pisan- pisan bakal angrusakaké sira; lan Allah wus andhawuhaké marang sira Kitab lan kawicaksanan, sarta wus mulang apa sing sira ora weruh, lan lubèring kadarmaning Allah marang sira iku gedhé banget

Choose other languages: