Surah Al-Maeda Ayahs #30 Translated in Jawa
قَالَ فَإِنَّهَا مُحَرَّمَةٌ عَلَيْهِمْ ۛ أَرْبَعِينَ سَنَةً ۛ يَتِيهُونَ فِي الْأَرْضِ ۚ فَلَا تَأْسَ عَلَى الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ
Panjenengané angandika: Mulané, sayekti iku dadi larangan ingatasé dhèwèké patang puluh taun; dhèwèké bakal padha klambrangan ana ing bumi; mulané aja sira anggetuni marang golongan kang murang yekti
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ ابْنَيْ آدَمَ بِالْحَقِّ إِذْ قَرَّبَا قُرْبَانًا فَتُقُبِّلَ مِنْ أَحَدِهِمَا وَلَمْ يُتَقَبَّلْ مِنَ الْآخَرِ قَالَ لَأَقْتُلَنَّكَ ۖ قَالَ إِنَّمَا يَتَقَبَّلُ اللَّهُ مِنَ الْمُتَّقِينَ
Lan nyaritakna marang dhè- wèké caritané anaké Adam loro kalawan sanyatané, nalikané saka- roné angurbanaké kurban, ana- nging loro iku kang siji kina- bulaké, sarta ora kinabulaké sijiné. Calathuné: Kowé masthi bakal dakpatèni. calathu: Allah iku mung angabuli para wong bekti
لَئِنْ بَسَطْتَ إِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِي مَا أَنَا بِبَاسِطٍ يَدِيَ إِلَيْكَ لِأَقْتُلَكَ ۖ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ رَبَّ الْعَالَمِينَ
Manawa kowé anibakaké ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakaké tanganku marang kowé amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangéraning ngalam kabèh
إِنِّي أُرِيدُ أَنْ تَبُوءَ بِإِثْمِي وَإِثْمِكَ فَتَكُونَ مِنْ أَصْحَابِ النَّارِ ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الظَّالِمِينَ
Sayekti aku duwé pangarep- arep, supaya kowé nyangga dosané panyerang marang aku lan dosa- mu, lah kowé bakal dadi èwoné wong-wong kang ngenggoni geni, lan mangkéné iki walesé para kang atindak dudu
فَطَوَّعَتْ لَهُ نَفْسُهُ قَتْلَ أَخِيهِ فَقَتَلَهُ فَأَصْبَحَ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ing kono atiné anggadhang- aké dhèwèké matèni saduluré, dadi banjur kelakon matèni dhèwèké; mulané dhèwèké dadi èwoné para wong kang kapitunan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
