Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Maeda Ayahs #32 Translated in Jawa

لَئِنْ بَسَطْتَ إِلَيَّ يَدَكَ لِتَقْتُلَنِي مَا أَنَا بِبَاسِطٍ يَدِيَ إِلَيْكَ لِأَقْتُلَكَ ۖ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ رَبَّ الْعَالَمِينَ
Manawa kowé anibakaké ta- nganmu marang aku amrih patiku, ora bakal aku anibakaké tanganku marang kowé amrih patimu; sa- yekti aku iki wedi ing Allah, Pangéraning ngalam kabèh
إِنِّي أُرِيدُ أَنْ تَبُوءَ بِإِثْمِي وَإِثْمِكَ فَتَكُونَ مِنْ أَصْحَابِ النَّارِ ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الظَّالِمِينَ
Sayekti aku duwé pangarep- arep, supaya kowé nyangga dosané panyerang marang aku lan dosa- mu, lah kowé bakal dadi èwoné wong-wong kang ngenggoni geni, lan mangkéné iki walesé para kang atindak dudu
فَطَوَّعَتْ لَهُ نَفْسُهُ قَتْلَ أَخِيهِ فَقَتَلَهُ فَأَصْبَحَ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Ing kono atiné anggadhang- aké dhèwèké matèni saduluré, dadi banjur kelakon matèni dhèwèké; mulané dhèwèké dadi èwoné para wong kang kapitunan
فَبَعَثَ اللَّهُ غُرَابًا يَبْحَثُ فِي الْأَرْضِ لِيُرِيَهُ كَيْفَ يُوَارِي سَوْءَةَ أَخِيهِ ۚ قَالَ يَا وَيْلَتَا أَعَجَزْتُ أَنْ أَكُونَ مِثْلَ هَٰذَا الْغُرَابِ فَأُوَارِيَ سَوْءَةَ أَخِي ۖ فَأَصْبَحَ مِنَ النَّادِمِينَ
Tumuli Allah angutus gagak, dhukir-dhukir ing le- mah, supaya meruhaké dhèwèké kapriyé pratikelé anutupi wang- kéné saduluré. Dhèwèké cala- thu: Cilaka aku iki! Apa aku iki apes, déné aku teka kaya gagak iki banjur anutupi wangkéning sadu- lurku? Mulané dhèwèké dadi èwo- né para wong kang padha getun
مِنْ أَجْلِ ذَٰلِكَ كَتَبْنَا عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَنَّهُ مَنْ قَتَلَ نَفْسًا بِغَيْرِ نَفْسٍ أَوْ فَسَادٍ فِي الْأَرْضِ فَكَأَنَّمَا قَتَلَ النَّاسَ جَمِيعًا وَمَنْ أَحْيَاهَا فَكَأَنَّمَا أَحْيَا النَّاسَ جَمِيعًا ۚ وَلَقَدْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُنَا بِالْبَيِّنَاتِ ثُمَّ إِنَّ كَثِيرًا مِنْهُمْ بَعْدَ ذَٰلِكَ فِي الْأَرْضِ لَمُسْرِفُونَ
Amarga saka mangkono iku, Ingsun anamtokaké ing angger ma- rang para turun Israil, sapa-sapa sing amatèni jiwa ora jalaran jiwa utawa agawé wisuna ing bumi, lah iku kaya amatèni manusa kabèh; lan sapa sing anguripi jiwa, lah iku kaya nguripi manusa kabèh lan sayekti temen wis tu- meka para utusan-Ingsun marang dhèwèké kalawan tandha-tandha yekti, ananging akèh-akèhé, ana ing bumi padha keladuk tindaké

Choose other languages: