Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #46 Translated in Jawa

وَإِنْ يُكَذِّبُوكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَثَمُودُ
(Muhammad) Dene wong kafir yen padha nggorohake ing sira, aja kaget, awit para ummat kuna sadurunge wong kafir iku uga maido rasule, kayata para ummate Nuh, kaum ’Ad lan Tsamud
وَقَوْمُ إِبْرَاهِيمَ وَقَوْمُ لُوطٍ
Lan kaume Ibrahim lan kaume Luth
وَأَصْحَابُ مَدْيَنَ ۖ وَكُذِّبَ مُوسَىٰ فَأَمْلَيْتُ لِلْكَافِرِينَ ثُمَّ أَخَذْتُهُمْ ۖ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ
Lan wong ing negara Madyan. Musa uga dipaido ing para ummate. Dene anggoningsun nyiksa, iku Ingsun srantekake. Bareng wis cetha, banjur padha Ingsun siksa. Awit saka iku mara delenga lan rasakna hiba banget dukaningsun
فَكَأَيِّنْ مِنْ قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلَىٰ عُرُوشِهَا وَبِئْرٍ مُعَطَّلَةٍ وَقَصْرٍ مَشِيدٍ
Wis pira bahe kehe wong sawijining negara kang Ingsun tumpes marga saka dosane, padha sirna kebrukan omahe, lan pira bae sumur kang ora diambah ing wong marga wonge padha mati Ingsun tumpes, lan pira bae kehe gedong dhuwur - duwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpes
أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَتَكُونَ لَهُمْ قُلُوبٌ يَعْقِلُونَ بِهَا أَوْ آذَانٌ يَسْمَعُونَ بِهَا ۖ فَإِنَّهَا لَا تَعْمَى الْأَبْصَارُ وَلَٰكِنْ تَعْمَى الْقُلُوبُ الَّتِي فِي الصُّدُورِ
Ya gene wong - wong kafir ora mlaku ana ing bumi, banjur kedunungan ati kang bisa ngerti, utawa pangurungu kang bisa ngrungokake (cerita lelakone wong kuna kang duwe patilasan mau). Dadi satemene dudu kang wuta mripate, balik sing wuta iku mripate kang ana ing sajroning atine

Choose other languages: