Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hajj Ayahs #45 Translated in Jawa

الَّذِينَ إِنْ مَكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ أَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ وَأَمَرُوا بِالْمَعْرُوفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَلِلَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ
Wong kang labuh (mitulungi) ing Allah iku kabeh owng kang menawa Ingsun tulungi, Ingsun panggonanke ana ing bumi, sempulur tumindake ana ing bumi, banjur padha nglakoni shalat lan mbayar zakat, lan ajak - ajak nglakoni penggawe becik, apa dene nyegah nglakoni penggawe ala. KAbeh perkara iku putusane ana ing astane Allah
وَإِنْ يُكَذِّبُوكَ فَقَدْ كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَثَمُودُ
(Muhammad) Dene wong kafir yen padha nggorohake ing sira, aja kaget, awit para ummat kuna sadurunge wong kafir iku uga maido rasule, kayata para ummate Nuh, kaum ’Ad lan Tsamud
وَقَوْمُ إِبْرَاهِيمَ وَقَوْمُ لُوطٍ
Lan kaume Ibrahim lan kaume Luth
وَأَصْحَابُ مَدْيَنَ ۖ وَكُذِّبَ مُوسَىٰ فَأَمْلَيْتُ لِلْكَافِرِينَ ثُمَّ أَخَذْتُهُمْ ۖ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ
Lan wong ing negara Madyan. Musa uga dipaido ing para ummate. Dene anggoningsun nyiksa, iku Ingsun srantekake. Bareng wis cetha, banjur padha Ingsun siksa. Awit saka iku mara delenga lan rasakna hiba banget dukaningsun
فَكَأَيِّنْ مِنْ قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا وَهِيَ ظَالِمَةٌ فَهِيَ خَاوِيَةٌ عَلَىٰ عُرُوشِهَا وَبِئْرٍ مُعَطَّلَةٍ وَقَصْرٍ مَشِيدٍ
Wis pira bahe kehe wong sawijining negara kang Ingsun tumpes marga saka dosane, padha sirna kebrukan omahe, lan pira bae sumur kang ora diambah ing wong marga wonge padha mati Ingsun tumpes, lan pira bae kehe gedong dhuwur - duwur kang suwung, marga wonge padha mati Ingsun tumpes

Choose other languages: