Surah Al-Hadid Ayahs #19 Translated in Jawa
فَالْيَوْمَ لَا يُؤْخَذُ مِنْكُمْ فِدْيَةٌ وَلَا مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ مَأْوَاكُمُ النَّارُ ۖ هِيَ مَوْلَاكُمْ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Ing dina iki tebusan saka kowe lan saka pra wong kadir padha tinampik kabeh, panggonanmu mesthi ana neraka. Lan ing kono pangayommu kang sak elek - eleke panggonan bali
أَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِينَ آمَنُوا أَنْ تَخْشَعَ قُلُوبُهُمْ لِذِكْرِ اللَّهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ الْحَقِّ وَلَا يَكُونُوا كَالَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِنْ قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ الْأَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوبُهُمْ ۖ وَكَثِيرٌ مِنْهُمْ فَاسِقُونَ
saiki apa ora wis mangsane para mukmin atine padha sujud atine lan eling ing Allah lan marang al-Quran kang wis tumurn lan nyata bener. Ora kaya wong - wong kang duwe wewaton kitab sadurunge nganti lawas anggone padha ngenteni Rosul kang jumeneng atine banjur padha wangkot kang akeh padha duraka (ora manut marang Rosul)
اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
(Para mukmin) padha weruha yen Allah anggone nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nerang - nerangake tandha yekti pirang - pirang kang nerangake kuwasaningsu supaya sira padha mikir
إِنَّ الْمُصَّدِّقِينَ وَالْمُصَّدِّقَاتِ وَأَقْرَضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا يُضَاعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ أَجْرٌ كَرِيمٌ
Wong lanang lan wadon kang padha setiya tuhu (marang Allah lan rasule) lan potang kabecikan ing Allah, iku bakal padha diparingi ganjaran tikel matikel, uga diparingi ganjarang suwarga kang mulya
وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ أُولَٰئِكَ هُمُ الصِّدِّيقُونَ ۖ وَالشُّهَدَاءُ عِنْدَ رَبِّهِمْ لَهُمْ أَجْرُهُمْ وَنُورُهُمْ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Sarupane wong kang percaya ing Allah lan ngestokake Rosule iku tetep wong kang setiya tuhu lan bakal dadi seksi ana ngarsane Pangerane, meruhi wong ang padha maido pangandikaning Allah, oleh ganjarang lan cahyane wong kang setia tuhu. Dene sarupane wong kafir lan maido ayatingsun kabeh isen - isene neraka jahannam
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
