Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hadid Ayahs #21 Translated in Jawa

اعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
(Para mukmin) padha weruha yen Allah anggone nguripake bumi kang wis mati, Ingsun wis nerang - nerangake tandha yekti pirang - pirang kang nerangake kuwasaningsu supaya sira padha mikir
إِنَّ الْمُصَّدِّقِينَ وَالْمُصَّدِّقَاتِ وَأَقْرَضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا يُضَاعَفُ لَهُمْ وَلَهُمْ أَجْرٌ كَرِيمٌ
Wong lanang lan wadon kang padha setiya tuhu (marang Allah lan rasule) lan potang kabecikan ing Allah, iku bakal padha diparingi ganjaran tikel matikel, uga diparingi ganjarang suwarga kang mulya
وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ أُولَٰئِكَ هُمُ الصِّدِّيقُونَ ۖ وَالشُّهَدَاءُ عِنْدَ رَبِّهِمْ لَهُمْ أَجْرُهُمْ وَنُورُهُمْ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا وَكَذَّبُوا بِآيَاتِنَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ
Sarupane wong kang percaya ing Allah lan ngestokake Rosule iku tetep wong kang setiya tuhu lan bakal dadi seksi ana ngarsane Pangerane, meruhi wong ang padha maido pangandikaning Allah, oleh ganjarang lan cahyane wong kang setia tuhu. Dene sarupane wong kafir lan maido ayatingsun kabeh isen - isene neraka jahannam
اعْلَمُوا أَنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِي الْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ ۖ كَمَثَلِ غَيْثٍ أَعْجَبَ الْكُفَّارَ نَبَاتُهُ ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَاهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُونُ حُطَامًا ۖ وَفِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيدٌ وَمَغْفِرَةٌ مِنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٌ ۚ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ
Sira padha weruha yen kabungahan ing donya iku mung dolanan (nglalekake kabungahan ing akherat) lang rerenggan kang mesthi rusak, padha jor - joran sugih bandha lan sugih ana. Padhane udan dadekake gumune para tani (anggone bisa minangkani thukule thetukulan) sawise iku banjur kuning padha gogrok. Besuk ana akherat ana siksa kang abot, lan ana kang oleh pangapura lan karidhaning Allah. kasenengan ing donya iku ora liwat mung kabungahan kang semu
سَابِقُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أُعِدَّتْ لِلَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ ۚ ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Sira padha rebut bujunga. anggayuh pangapuraning Pangeranira, lan gayuh suwarga kang jembare padha langit lan bumi, iku disadiyakake ganjaran marang sarupane wong kang percaya lan iku kanugrahaning Allah, diparingake marang wong kang dadi pareng kersane, Allah iku kagungan kanugrahan gedhe

Choose other languages: