Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Fath Ayahs #15 Translated in Jawa

سَيَقُولُ لَكَ الْمُخَلَّفُونَ مِنَ الْأَعْرَابِ شَغَلَتْنَا أَمْوَالُنَا وَأَهْلُونَا فَاسْتَغْفِرْ لَنَا ۚ يَقُولُونَ بِأَلْسِنَتِهِمْ مَا لَيْسَ فِي قُلُوبِهِمْ ۚ قُلْ فَمَنْ يَمْلِكُ لَكُمْ مِنَ اللَّهِ شَيْئًا إِنْ أَرَادَ بِكُمْ ضَرًّا أَوْ أَرَادَ بِكُمْ نَفْعًا ۚ بَلْ كَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
Wong pedesan (ing Madinah kang ora melu perang) bakal padha matur, "Kula boten dherek jalaran ngareksa bandha sak anak bojo kula, mula mugi panjenengan Suwunaken pangapuraning Allah". Anggone matur mengkono mau mung ana lambe wae ora terus ing atine. (Muhammad) Dhawuha, "Sanadyan kowe ana ing ngomah wae, menawa Allah ngersakake bilahi marang kowe sapa kang kaconggah nolak? Utawa manawa Allah paring slamet sapa kang bisa murungake? Allah iku waspada marang kang bok lakoni
بَلْ ظَنَنْتُمْ أَنْ لَنْ يَنْقَلِبَ الرَّسُولُ وَالْمُؤْمِنُونَ إِلَىٰ أَهْلِيهِمْ أَبَدًا وَزُيِّنَ ذَٰلِكَ فِي قُلُوبِكُمْ وَظَنَنْتُمْ ظَنَّ السَّوْءِ وَكُنْتُمْ قَوْمًا بُورًا
Malah kowe padha nyana yen Rasul lan para mukmin salawase ora bakal ketemu sanak sadulure, sira kena godha dhemen panemu kang mangkono yaiku panyanamu elek, kowe bakal karusakan
وَمَنْ لَمْ يُؤْمِنْ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ فَإِنَّا أَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ سَعِيرًا
Sing sapa ora percaya ing Allah lan marang utusane iku wong kafir. Ingsun ancam siksa neraka Sa’ir
وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ يَغْفِرُ لِمَنْ يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih
سَيَقُولُ الْمُخَلَّفُونَ إِذَا انْطَلَقْتُمْ إِلَىٰ مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوهَا ذَرُونَا نَتَّبِعْكُمْ ۖ يُرِيدُونَ أَنْ يُبَدِّلُوا كَلَامَ اللَّهِ ۚ قُلْ لَنْ تَتَّبِعُونَا كَذَٰلِكُمْ قَالَ اللَّهُ مِنْ قَبْلُ ۖ فَسَيَقُولُونَ بَلْ تَحْسُدُونَنَا ۚ بَلْ كَانُوا لَا يَفْقَهُونَ إِلَّا قَلِيلًا
(Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik

Choose other languages: