Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Fath Ayahs #18 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ يَغْفِرُ لِمَنْ يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih
سَيَقُولُ الْمُخَلَّفُونَ إِذَا انْطَلَقْتُمْ إِلَىٰ مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوهَا ذَرُونَا نَتَّبِعْكُمْ ۖ يُرِيدُونَ أَنْ يُبَدِّلُوا كَلَامَ اللَّهِ ۚ قُلْ لَنْ تَتَّبِعُونَا كَذَٰلِكُمْ قَالَ اللَّهُ مِنْ قَبْلُ ۖ فَسَيَقُولُونَ بَلْ تَحْسُدُونَنَا ۚ بَلْ كَانُوا لَا يَفْقَهُونَ إِلَّا قَلِيلًا
(Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik
قُلْ لِلْمُخَلَّفِينَ مِنَ الْأَعْرَابِ سَتُدْعَوْنَ إِلَىٰ قَوْمٍ أُولِي بَأْسٍ شَدِيدٍ تُقَاتِلُونَهُمْ أَوْ يُسْلِمُونَ ۖ فَإِنْ تُطِيعُوا يُؤْتِكُمُ اللَّهُ أَجْرًا حَسَنًا ۖ وَإِنْ تَتَوَلَّوْا كَمَا تَوَلَّيْتُمْ مِنْ قَبْلُ يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
(Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani
لَيْسَ عَلَى الْأَعْمَىٰ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْأَعْرَجِ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ ۗ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ وَمَنْ يَتَوَلَّ يُعَذِّبْهُ عَذَابًا أَلِيمًا
Wong wuta lan wong pinacang, wong loro ora dadi apa manawa keri ora melu perang dene sapa wonge ngestokake dhawuhe Rasul bakal diganjar suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon dene sapa wonge bangkang dhawuhe Allah lan rasul bakal kasiksa kang nglarani
لَقَدْ رَضِيَ اللَّهُ عَنِ الْمُؤْمِنِينَ إِذْ يُبَايِعُونَكَ تَحْتَ الشَّجَرَةِ فَعَلِمَ مَا فِي قُلُوبِهِمْ فَأَنْزَلَ السَّكِينَةَ عَلَيْهِمْ وَأَثَابَهُمْ فَتْحًا قَرِيبًا
Allah wis nerangake anggone padha sahabat padha pasetya marang sira (Muhammad) ana sangisore kekayon (sanggem ora bakal mlayu saka perang) Allah nguningani lugune atine para sahabat mau. Dhasar padha setya tuhu, mulane Allah banjur maringi tentrem atine, lan uga diparingi kemenangan kang cedhak (wektune)

Choose other languages: