Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #205 Translated in Jawa

وَمِنْهُمْ مَنْ يَقُولُ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Lan sawenehing manungsa maneh ana kang matur: "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan kersa paring kesahenan dhateng kawula wonten ing donya, mekaten ugi benjing wonten ing akherat, saha mugi kawula kareksa saking siksaning neraka
أُولَٰئِكَ لَهُمْ نَصِيبٌ مِمَّا كَسَبُوا ۚ وَاللَّهُ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Wong kang mengkono mau pikantuk bagian saka barang kang wis katindakake. Dene Allah iku rikat banget pangetunge
وَاذْكُرُوا اللَّهَ فِي أَيَّامٍ مَعْدُودَاتٍ ۚ فَمَنْ تَعَجَّلَ فِي يَوْمَيْنِ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ وَمَنْ تَأَخَّرَ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ ۚ لِمَنِ اتَّقَىٰ ۗ وَاتَّقُوا اللَّهَ وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
Lan sira padha nyebuta asmaning Allah ana ing dina kang cetha wilangane. Dene sing sapa age-age budhal saka ing ara-ara Mina ing dina kang kapindho (dina tasyriq) iku ora dosa, lan sing sapa ngereni (ngakhirake) iya ora dosa tumrap wong kang wedi ing Allah lan sira padha weruha manawa sira kabeh iku bakal disowanake ana ing ngersane Allah
وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُعْجِبُكَ قَوْلُهُ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَيُشْهِدُ اللَّهَ عَلَىٰ مَا فِي قَلْبِهِ وَهُوَ أَلَدُّ الْخِصَامِ
Lan sawenehe manungsa kang rembuge lamis ndadekake gumunira tumrap kauripan ing donya, lan wani neksekake ing Allah mungguh kang ana ing sajeroning atine, nanging satemene wong iku banget anggone musuhan karo sira
وَإِذَا تَوَلَّىٰ سَعَىٰ فِي الْأَرْضِ لِيُفْسِدَ فِيهَا وَيُهْلِكَ الْحَرْثَ وَالنَّسْلَ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الْفَسَادَ
Lan barang wong mau wis lunga saka ngarepira, banjur padha tumandang gawe rusak ana ing bumi, ngrusak tetanduran lan turunan. Dene Allah iku ora remen marang wong kang gawe kerusakan

Choose other languages: