Surah Al-Baqara Ayahs #184 Translated in Jawa
كُتِبَ عَلَيْكُمْ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ إِنْ تَرَكَ خَيْرًا الْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِينَ
Diwajibake tumrap sira kabeh, yen salah sawijining arep mati, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiat marang wong tuwane loro lan marang para sadulure klawan becik, iku kewajiban tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
فَمَنْ بَدَّلَهُ بَعْدَمَا سَمِعَهُ فَإِنَّمَا إِثْمُهُ عَلَى الَّذِينَ يُبَدِّلُونَهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Dene sing sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake, mesthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat mau. Satemene Allah iku Midhanget saha ngudaneni
فَمَنْ خَافَ مِنْ مُوصٍ جَنَفًا أَوْ إِثْمًا فَأَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa, wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah
أَيَّامًا مَعْدُودَاتٍ ۚ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَرِيضًا أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ ۚ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ ۖ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَهُ ۚ وَأَنْ تَصُومُوا خَيْرٌ لَكُمْ ۖ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
(Kudu puasa) sawatara dina kang kawruhan cacahe. Dene sira kabeh sing lagi nandhang lara utawa pinuju lelungan, anggone puasa ing liya dina bae sacacahe kang lowong. Dene wong kang padha ora kuwat puasa padha bayar fidhyah bae, iya iku aweh pangan marang para wong miskin. Dene sing sapa nambahi pangabekti gawe kabecikan, iku luwih becik. Lan menawa sira padha puasa iku luwih becik, menawa sira padha mangerti
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
