Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #186 Translated in Jawa

فَمَنْ خَافَ مِنْ مُوصٍ جَنَفًا أَوْ إِثْمًا فَأَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa, wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah
أَيَّامًا مَعْدُودَاتٍ ۚ فَمَنْ كَانَ مِنْكُمْ مَرِيضًا أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ ۚ وَعَلَى الَّذِينَ يُطِيقُونَهُ فِدْيَةٌ طَعَامُ مِسْكِينٍ ۖ فَمَنْ تَطَوَّعَ خَيْرًا فَهُوَ خَيْرٌ لَهُ ۚ وَأَنْ تَصُومُوا خَيْرٌ لَكُمْ ۖ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
(Kudu puasa) sawatara dina kang kawruhan cacahe. Dene sira kabeh sing lagi nandhang lara utawa pinuju lelungan, anggone puasa ing liya dina bae sacacahe kang lowong. Dene wong kang padha ora kuwat puasa padha bayar fidhyah bae, iya iku aweh pangan marang para wong miskin. Dene sing sapa nambahi pangabekti gawe kabecikan, iku luwih becik. Lan menawa sira padha puasa iku luwih becik, menawa sira padha mangerti
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ ۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۖ وَمَنْ كَانَ مَرِيضًا أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ ۗ يُرِيدُ اللَّهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ الْعُسْرَ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَىٰ مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Sasi Ramadhan iku sasi tumuruning al-Qur’an, minangka dadi pituduh marang para manungsa lan dadi tandha yekti saka pituduh lan mbedakake (barang kang bener saka kang bathal). Dene sira kabeh kang menangi sasi Ramadhan, supaya puasa. Lan sing lagi lara utawa pinuju lungan, supaya angganti puasa ing seje dina. Keparenge Allah supaya gampang anggonira padha nindakake, lan ora gawe rekasa. Lan sira kabeh padha nyampurnakake puasa sacacahe dina sasi Ramadhan, lan sira padha takbira ing Allah anggone Allah wis paring pituduh marang sira, lan supaya sira padha syukur marang Allah
وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ ۖ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ ۖ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ
Lan nalikane para kawulaningsun padha matur marang sira (Muhammad) nyuwun pirsa bab sariraningsung, satemene Ingsun iku cedak. Ingsun maringi panyuwune wong kang padha nyuwun, nalikane kalwulangingsun mau padha nyuwun marang Ingsun, mulane padha nyembadanana dhawuh Ingsun, lan padha percaya marang Ingsun, supaya padha oleh pituduh

Choose other languages: