Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #183 Translated in Jawa

وَلَكُمْ فِي الْقِصَاصِ حَيَاةٌ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Lan tumrap sira kabeh ana ing males ukum pati iku panguripan, he wong kang padha duwe akal, supaya sira kabeh padha kereksa (saka ala)
كُتِبَ عَلَيْكُمْ إِذَا حَضَرَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ إِنْ تَرَكَ خَيْرًا الْوَصِيَّةُ لِلْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ بِالْمَعْرُوفِ ۖ حَقًّا عَلَى الْمُتَّقِينَ
Diwajibake tumrap sira kabeh, yen salah sawijining arep mati, menawa duwe tinggalan bandha supaya wasiat marang wong tuwane loro lan marang para sadulure klawan becik, iku kewajiban tumrap wong kang padha bekti (ing Allah)
فَمَنْ بَدَّلَهُ بَعْدَمَا سَمِعَهُ فَإِنَّمَا إِثْمُهُ عَلَى الَّذِينَ يُبَدِّلُونَهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Dene sing sawise krungu wasiyat mau banjur nglirwakake, mesthi dosane tumrap marang kang padha nglirwakake wasiyat mau. Satemene Allah iku Midhanget saha ngudaneni
فَمَنْ خَافَ مِنْ مُوصٍ جَنَفًا أَوْ إِثْمًا فَأَصْلَحَ بَيْنَهُمْ فَلَا إِثْمَ عَلَيْهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Sing sapa nguwatirake mbok menawa wong kang wasiyat mau luput anggone wasiyat utawa njarag dosa, wong mau banjur mbecikake wasiyat murih becike sakabehe, wong iku iyo ora dosa. Satemene Allah iku Maha Ngapura lan Maha Asih
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake puasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah

Choose other languages: