Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #142 Translated in Jawa

صِبْغَةَ اللَّهِ ۖ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللَّهِ صِبْغَةً ۖ وَنَحْنُ لَهُ عَابِدُونَ
(Wong mukmin padha ngucap): "Kita wis padha dibabar klawan babarining Allah, ora ana babaran kang luwih becik tinimbang babarane Allah. Kita padha manembah ing Allah
قُلْ أَتُحَاجُّونَنَا فِي اللَّهِ وَهُوَ رَبُّنَا وَرَبُّكُمْ وَلَنَا أَعْمَالُنَا وَلَكُمْ أَعْمَالُكُمْ وَنَحْنُ لَهُ مُخْلِصُونَ
(Muhammad!) Sira dhawuha, "(Wong Yahudi lan wong Nashara) ya gene sira padha madoni marang kita bab perkara agamane Allah, kang mangka Allah iku Pangeran kita lan Pangeranira. Kita bakal tampa ganjaran ing laku kita, lan sira uga padha tampa samurwate lakumu. Kita padha ngresikake laki kita (ikhlas) marang Allah
أَمْ تَقُولُونَ إِنَّ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطَ كَانُوا هُودًا أَوْ نَصَارَىٰ ۗ قُلْ أَأَنْتُمْ أَعْلَمُ أَمِ اللَّهُ ۗ وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنْ كَتَمَ شَهَادَةً عِنْدَهُ مِنَ اللَّهِ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ
Ya gene wong Yahui lan Nashara padha ngucap ngarani Ibrahim lan Ismail lan Ishaq lan Ya’qub lan turuning Israil iku kabeh padha dadi Yahidi lan Nashara. (Muhammad!) Sira dhawuha: "Priksa endi sira karo Allah? Ora ana wong kang luwih nganiaya tinimbang wong kang ngumpetake dhawuhing Allah anggone nekseni, kasebut ing kitab kang ana ing tange wong mau. Allah mesthi ora kasupen samubarang kang padha sira tindakake (lakoni)
تِلْكَ أُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۖ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَا كَسَبْتُمْ ۖ وَلَا تُسْأَلُونَ عَمَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ibrahim lan anak turune iku padha ummat kang kuna, padha tampa ganjaran samurwate barang kang wis padha ditindakake, dene sira wong Yahudi lan Nashara iya padha pikantuk samurwate barang kang wis sira tindakake. Sira ora bakal padha didangu perkara tindake wong kuna mau
سَيَقُولُ السُّفَهَاءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلَّاهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِي كَانُوا عَلَيْهَا ۚ قُلْ لِلَّهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ ۚ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho bakal ngucap: "Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salaw-lawase." (Muhammad) sira dhawuha: "Masyriq lan Maghrib iku kagungane Allah, Allah nuduhake wong kang dadi keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener

Choose other languages: