Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #145 Translated in Jawa

تِلْكَ أُمَّةٌ قَدْ خَلَتْ ۖ لَهَا مَا كَسَبَتْ وَلَكُمْ مَا كَسَبْتُمْ ۖ وَلَا تُسْأَلُونَ عَمَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ibrahim lan anak turune iku padha ummat kang kuna, padha tampa ganjaran samurwate barang kang wis padha ditindakake, dene sira wong Yahudi lan Nashara iya padha pikantuk samurwate barang kang wis sira tindakake. Sira ora bakal padha didangu perkara tindake wong kuna mau
سَيَقُولُ السُّفَهَاءُ مِنَ النَّاسِ مَا وَلَّاهُمْ عَنْ قِبْلَتِهِمُ الَّتِي كَانُوا عَلَيْهَا ۚ قُلْ لِلَّهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ ۚ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Sawenehing wong (Yahudi) kang bodho bakal ngucap: "Apa sebabe (Muhammad lan sahabate) padha ngalih saka qiblat kang wis padha diadhepake salaw-lawase." (Muhammad) sira dhawuha: "Masyriq lan Maghrib iku kagungane Allah, Allah nuduhake wong kang dadi keparenging kersane, dituduhake dalan kang bener
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَاكُمْ أُمَّةً وَسَطًا لِتَكُونُوا شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُونَ الرَّسُولُ عَلَيْكُمْ شَهِيدًا ۗ وَمَا جَعَلْنَا الْقِبْلَةَ الَّتِي كُنْتَ عَلَيْهَا إِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يَتَّبِعُ الرَّسُولَ مِمَّنْ يَنْقَلِبُ عَلَىٰ عَقِبَيْهِ ۚ وَإِنْ كَانَتْ لَكَبِيرَةً إِلَّا عَلَى الَّذِينَ هَدَى اللَّهُ ۗ وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُضِيعَ إِيمَانَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِالنَّاسِ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Mengkono uga sira (para ummat Muhammad) padha Ingsung dadekake ummat pilihan, supaya ing mbesuk sira padha neksenana marang para manugsa, (Muhammad bakal nekseni marang sira) dene anggonira ambalekake Qiblat lawas biyen iku supaya weruha wing kang padha kajungkel marang kungkake iku sapa kang banjur ta’at ing Rasul, lan maneh ngolah-ngalihe Qiblat iku pancen abot kajaba wong kang padha oleh pituduhing Allah. Lan Allah ora pisan-pisan bakal ngilang-ngilangake Imanira. Satemene Allah iku Maha Welas lan Asih marang manungsa
قَدْ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ ۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا ۚ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنْتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَبِّهِمْ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ
Ingsun temen wis nguningani tumenganing rahinira (Muhammad) marang ing langit, mulane sira Ingsun alih madheping Qiblat Ka’bah kang sira senengi. Saiki anggonira Shalat rahinira adhepna ing penahing Ka’bah Masjidil Haram. Ing ngendi anggonira shalat padha ngadhepna rahinira marang pernahing Ka’bah mau. Dene raupaning wong kang padha nyekel Kitab mesthi padha weruh yen madhep ing Ka’bah iku kang nyata terang saka ing Pangerane. Allah ora pisa-pinsa kesupen samubarang kang padha sira tindakake
وَلَئِنْ أَتَيْتَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ بِكُلِّ آيَةٍ مَا تَبِعُوا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَا أَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍ ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ إِنَّكَ إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
Saumpama wong kang padha duwe cecekelan Kitab iku sira wenehi sarupaning tandha yekti mesthi padha ora gelem manut kiblatira. Sira uga ora gelem manut kiblate. Wong kang padha duwe cecekelan Kitab mau iya ora gelem manut kiblating salah sawijine. Ing sawise sira katekan wahyu kaweruh, saumpama sira manut karepe wong mau ing kono sira mesthi klebu ewoning wong kang padha nganiaya

Choose other languages: