Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #117 Translated in Jawa

وَقَالَتِ الْيَهُودُ لَيْسَتِ النَّصَارَىٰ عَلَىٰ شَيْءٍ وَقَالَتِ النَّصَارَىٰ لَيْسَتِ الْيَهُودُ عَلَىٰ شَيْءٍ وَهُمْ يَتْلُونَ الْكِتَابَ ۗ كَذَٰلِكَ قَالَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۚ فَاللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Wong Yahudi padha ngucap, "Wong Nashara iku dudu barang-barang ." Wong Nashara uga pada ngucap: "Wong Yahudi iku dudu barang-barang", kang mangka kabeh mau padha maca kitabe dhewe-dhewe kaya mangkono uga wong kang padha ora mangerti ing kitab, iya padha ngucap becike dhewe, kaya panguacape wong Yahudi lan wong Nasara mau, Ing besuk dina Qiyamat Allah bakal ambeneri wong mau kabeh anggone padha pasulayan
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنْ مَنَعَ مَسَاجِدَ اللَّهِ أَنْ يُذْكَرَ فِيهَا اسْمُهُ وَسَعَىٰ فِي خَرَابِهَا ۚ أُولَٰئِكَ مَا كَانَ لَهُمْ أَنْ يَدْخُلُوهَا إِلَّا خَائِفِينَ ۚ لَهُمْ فِي الدُّنْيَا خِزْيٌ وَلَهُمْ فِي الْآخِرَةِ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Ora ana wong kang luwih aniaya tinimbang wong kang nglarangi Masjide Alah, ora kena dienggo nyebut asmaning Allah ana ing kono lan banjur tumandang ngrusak Masjid mau. Dene wong kang padha nglarangi Masjid mau iya padha ora bisa mlebu ing Masjid kajaba padha ngandhut wedi. Wong kang padha nglarangi Masjid mau ana ing donya digawe asor, dene mbesuk ana akhirat padha kaptrapan siksa sing gedhe
وَلِلَّهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ ۚ فَأَيْنَمَا تُوَلُّوا فَثَمَّ وَجْهُ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Masyiq lan Maghrib iku kagungane Allah, mulane ing ngendi bae adhepira, Dzating Allah ana ing kono. Satemene Allah iku Maha Jembar lan ngudaneni
وَقَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ بَلْ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَهُ قَانِتُونَ
Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah
بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُنْ فَيَكُونُ
Allah iku kang nitahake langit lan bumi, lan nalikane Allah kersa nitahake sawijining perkara, mesthi Allah ngendikaL "Sira anaa! Barang kan tinitahake mau nuli ana padha sanlika

Choose other languages: