Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #119 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ الْمَشْرِقُ وَالْمَغْرِبُ ۚ فَأَيْنَمَا تُوَلُّوا فَثَمَّ وَجْهُ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Masyiq lan Maghrib iku kagungane Allah, mulane ing ngendi bae adhepira, Dzating Allah ana ing kono. Satemene Allah iku Maha Jembar lan ngudaneni
وَقَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ بَلْ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَهُ قَانِتُونَ
Wong Yahudi lan Wong Nashara padha ngucap, "Allah iku apeputra", pangandikaning Allah: "Allah iku Maha Suci, samubarang isine langit lan bumi iku kagungane Allah". Kabeh iku padha ngestokake ing Allah
بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُنْ فَيَكُونُ
Allah iku kang nitahake langit lan bumi, lan nalikane Allah kersa nitahake sawijining perkara, mesthi Allah ngendikaL "Sira anaa! Barang kan tinitahake mau nuli ana padha sanlika
وَقَالَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللَّهُ أَوْ تَأْتِينَا آيَةٌ ۗ كَذَٰلِكَ قَالَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۘ تَشَابَهَتْ قُلُوبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
(Wong kafir ing Mekkah kang padha ora mangerti kitab) padha matur: "Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten ayat tandha yekti ingkang dhateng ing kita mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung". (Mengkono uga para wong kafir dhek jaman kuna) iya padha matur kaya paturane wong kafir ing Mekkah mau. Satemene Ingsung wis nggelarake ayat tandha yekti pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin
إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا ۖ وَلَا تُسْأَلُ عَنْ أَصْحَابِ الْجَحِيمِ
Ingsun wis ngutus sira Muhammad, ndawuhake pituduh kang nyata, mbebungah lan amemedeni apa dene sira ora kena ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kacemplung neraka iku dhek biyen padha ora percaya

Choose other languages: