Surah Al-Baqara Ayahs #122 Translated in Jawa
وَقَالَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ لَوْلَا يُكَلِّمُنَا اللَّهُ أَوْ تَأْتِينَا آيَةٌ ۗ كَذَٰلِكَ قَالَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ مِثْلَ قَوْلِهِمْ ۘ تَشَابَهَتْ قُلُوبُهُمْ ۗ قَدْ بَيَّنَّا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
(Wong kafir ing Mekkah kang padha ora mangerti kitab) padha matur: "Menawi Allah mboten ngendika piyambak dhateng kita, utawi mboten wonten ayat tandha yekti ingkang dhateng ing kita mesthi manahipun para tiyang punika taksih sami bingung". (Mengkono uga para wong kafir dhek jaman kuna) iya padha matur kaya paturane wong kafir ing Mekkah mau. Satemene Ingsung wis nggelarake ayat tandha yekti pirang-pirang tumrap wong kang padha yakin
إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا ۖ وَلَا تُسْأَلُ عَنْ أَصْحَابِ الْجَحِيمِ
Ingsun wis ngutus sira Muhammad, ndawuhake pituduh kang nyata, mbebungah lan amemedeni apa dene sira ora kena ditutuh ditakoni sabab apa wong kang padha kacemplung neraka iku dhek biyen padha ora percaya
وَلَنْ تَرْضَىٰ عَنْكَ الْيَهُودُ وَلَا النَّصَارَىٰ حَتَّىٰ تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ ۗ قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَىٰ ۗ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ بَعْدَ الَّذِي جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ
Wong Yahudi lan Nashara padha ora lega atine marang sira (Muhammad), kejaba yen sira manut marang agamane. (Muhammad) Sira dhawuha: "Pituduhe Allah iku pituduh kang yekti", lan menawa sira nurut karepe Yahudi lan Nashara sawise sira pinaringan wahyu kaweruh mesthi sira ora bakal duwe panjaga utawa pitulung tumrap sira saka (siksane) Allah
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَتْلُونَهُ حَقَّ تِلَاوَتِهِ أُولَٰئِكَ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۗ وَمَنْ يَكْفُرْ بِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacene kelawan sakbenere, wong kang mengkono iku tetep padha percaya ing kitab mau. Dene sing sapa kafir maido ing kitab mau, iku kabeh padha kapitunan
يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اذْكُرُوا نِعْمَتِيَ الَّتِي أَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَأَنِّي فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
He Turuning Israil, Sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta anggon Ingsun wis ngluwihake ing sira, ngungkuli wong sajagad
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
