Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Baqara Ayahs #125 Translated in Jawa

الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَتْلُونَهُ حَقَّ تِلَاوَتِهِ أُولَٰئِكَ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۗ وَمَنْ يَكْفُرْ بِهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Sarupaning wong kang wis padha Ingsun paringi kitab, banjur padha maca kitab mau, pamacene kelawan sakbenere, wong kang mengkono iku tetep padha percaya ing kitab mau. Dene sing sapa kafir maido ing kitab mau, iku kabeh padha kapitunan
يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اذْكُرُوا نِعْمَتِيَ الَّتِي أَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَأَنِّي فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
He Turuning Israil, Sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta anggon Ingsun wis ngluwihake ing sira, ngungkuli wong sajagad
وَاتَّقُوا يَوْمًا لَا تَجْزِي نَفْسٌ عَنْ نَفْسٍ شَيْئًا وَلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ وَلَا هُمْ يُنْصَرُونَ
Lan padha wediya ing dina Qiyamat, ing kono ora ana awak kang bisa tetulung sathithik thithika marang awak liyane, lan ora ana tetebusan awak ditampani lan ora ana Syafa’at bisa mikolehake ing awak kabeh bae ora ana kang tinulungan
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
(Muhammad) Sira nyeritakna nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang dheweke klawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngestokake sakehing dhawuh mau, klawan sampurna. Allah ngendika: "Ibrahim! Sira Ingsun dadekake panutaning manungsa". Ibrahim banjur munjuk: "dalah para turun kawula makaten ugi". Allah ngendika: "Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya
وَإِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِلنَّاسِ وَأَمْنًا وَاتَّخِذُوا مِنْ مَقَامِ إِبْرَاهِيمَ مُصَلًّى ۖ وَعَهِدْنَا إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ أَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّائِفِينَ وَالْعَاكِفِينَ وَالرُّكَّعِ السُّجُودِ
(Lan sira nyritakna) Nalikane Ka’bah Baitullah Ingsun dadekake pangimpunaning para manungsa lan katentreman apa dene maqam Ibrahim iku padha sira anggo peshalatan (panggonan SHolat), lan Ingsun prentah marang Ibrahim lan Ismail, supaya padha nyucekake padalemaningsun Ka’bah kanggo wong kang padha Thowaf lan wong kang padha I’tikaf lan wong kang padha ruku’ lan sujud (sholat)

Choose other languages: