Surah Al-Baqara Ayahs #126 Translated in Jawa
يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ اذْكُرُوا نِعْمَتِيَ الَّتِي أَنْعَمْتُ عَلَيْكُمْ وَأَنِّي فَضَّلْتُكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ
He Turuning Israil, Sira padha elinga nikmat kang wis Ingsun paringake marang sira, sarta anggon Ingsun wis ngluwihake ing sira, ngungkuli wong sajagad
وَاتَّقُوا يَوْمًا لَا تَجْزِي نَفْسٌ عَنْ نَفْسٍ شَيْئًا وَلَا يُقْبَلُ مِنْهَا عَدْلٌ وَلَا تَنْفَعُهَا شَفَاعَةٌ وَلَا هُمْ يُنْصَرُونَ
Lan padha wediya ing dina Qiyamat, ing kono ora ana awak kang bisa tetulung sathithik thithika marang awak liyane, lan ora ana tetebusan awak ditampani lan ora ana Syafa’at bisa mikolehake ing awak kabeh bae ora ana kang tinulungan
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ
(Muhammad) Sira nyeritakna nalikane Pangerane Ibrahim nyoba marang dheweke klawan dhawuh pirang-pirang warna, Ibrahim nuli ngestokake sakehing dhawuh mau, klawan sampurna. Allah ngendika: "Ibrahim! Sira Ingsun dadekake panutaning manungsa". Ibrahim banjur munjuk: "dalah para turun kawula makaten ugi". Allah ngendika: "Janjiningsun ora tumrap marang wong kang padha nganiaya
وَإِذْ جَعَلْنَا الْبَيْتَ مَثَابَةً لِلنَّاسِ وَأَمْنًا وَاتَّخِذُوا مِنْ مَقَامِ إِبْرَاهِيمَ مُصَلًّى ۖ وَعَهِدْنَا إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ أَنْ طَهِّرَا بَيْتِيَ لِلطَّائِفِينَ وَالْعَاكِفِينَ وَالرُّكَّعِ السُّجُودِ
(Lan sira nyritakna) Nalikane Ka’bah Baitullah Ingsun dadekake pangimpunaning para manungsa lan katentreman apa dene maqam Ibrahim iku padha sira anggo peshalatan (panggonan SHolat), lan Ingsun prentah marang Ibrahim lan Ismail, supaya padha nyucekake padalemaningsun Ka’bah kanggo wong kang padha Thowaf lan wong kang padha I’tikaf lan wong kang padha ruku’ lan sujud (sholat)
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا بَلَدًا آمِنًا وَارْزُقْ أَهْلَهُ مِنَ الثَّمَرَاتِ مَنْ آمَنَ مِنْهُمْ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۖ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَأُمَتِّعُهُ قَلِيلًا ثُمَّ أَضْطَرُّهُ إِلَىٰ عَذَابِ النَّارِ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ
(Lan sira nyritakna) nalikane Ibrahim munjuk: "Dhuh Pangeran kawula, panggenan punika mugi-mugi Tuan dadosna negari ingkang tata tentrem, punapa dene para tiyang ing negari wau sinten ingkang pitados ing Allah, saha pitado wontenipun dinten Qiyamat, mugi-mugi sami Tuan paringi tetedhan woh-wohan". Allah nuli dhawuh: "lan wong kafir uga Ingsun paringi kabungahan sethithik, banjur Ingsun peksa marang siksa neraka." Ala teman kawusanan kang mengkono mau
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
