Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #62 Translated in Jawa

وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهُ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَالَّذِي خَبُثَ لَا يَخْرُجُ إِلَّا نَكِدًا ۚ كَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَشْكُرُونَ
Wondéné tanah kang becik, metu tutuwuhané kala- wan idining Pangérané, lan kang cengkar, ora metu kajaba mung sathithik; kaya mang- kono anggon-Ingsun angambal- ambali timbalan-timbalan tumrap wong kang padha atur panuwun
لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsané, tumuli acalathu: É bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjene- ngané; sayekti aku nguwatiraké sira marang siksa ing dina kang agung
قَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Para panggedhéning bangsa- né acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowé iku ana ing sajroning sasar kang tétéla
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي ضَلَالَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana sasaré aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنْصَحُ لَكُمْ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan apitutur becik marang sira, lan aku weruh saka Allah apa kang sira padha ora weruh

Choose other languages: