Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #61 Translated in Jawa

وَهُوَ الَّذِي يُرْسِلُ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنَاهُ لِبَلَدٍ مَيِّتٍ فَأَنْزَلْنَا بِهِ الْمَاءَ فَأَخْرَجْنَا بِهِ مِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۚ كَذَٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتَىٰ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
Lan Panjenengané iku kang angutus angin-angin anggawa war- ta becik sangareping kamurahan- É, nganti samangsa wus ang- gawa mendhung angendanu, iku Ingsun giring marang tanah kang mati; tumuli Ingsun anurunaké banyu mrono, banjur Ingsun anggo ametokaké sawarnaning wo- wohan; kaya mangkono anggon- Ingsun bakal anguripaké wong- wong mati, supaya sira padha élinga
وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهُ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَالَّذِي خَبُثَ لَا يَخْرُجُ إِلَّا نَكِدًا ۚ كَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَشْكُرُونَ
Wondéné tanah kang becik, metu tutuwuhané kala- wan idining Pangérané, lan kang cengkar, ora metu kajaba mung sathithik; kaya mang- kono anggon-Ingsun angambal- ambali timbalan-timbalan tumrap wong kang padha atur panuwun
لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsané, tumuli acalathu: É bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjene- ngané; sayekti aku nguwatiraké sira marang siksa ing dina kang agung
قَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Para panggedhéning bangsa- né acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowé iku ana ing sajroning sasar kang tétéla
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي ضَلَالَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana sasaré aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam

Choose other languages: