Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Araf Ayahs #63 Translated in Jawa

لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُمْ مِنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsané, tumuli acalathu: É bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjene- ngané; sayekti aku nguwatiraké sira marang siksa ing dina kang agung
قَالَ الْمَلَأُ مِنْ قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Para panggedhéning bangsa- né acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowé iku ana ing sajroning sasar kang tétéla
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي ضَلَالَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِنْ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana sasaré aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنْصَحُ لَكُمْ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan apitutur becik marang sira, lan aku weruh saka Allah apa kang sira padha ora weruh
أَوَعَجِبْتُمْ أَنْ جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِنْ رَبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِنْكُمْ لِيُنْذِرَكُمْ وَلِتَتَّقُوا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angé- lingaké sira lan supaya sira anjaga dhiri sarta supaya sira padha diwelasi

Choose other languages: