Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ankabut Ayahs #37 Translated in Jawa

وَلَمَّا أَنْ جَاءَتْ رُسُلُنَا لُوطًا سِيءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَقَالُوا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۖ إِنَّا مُنَجُّوكَ وَأَهْلَكَ إِلَّا امْرَأَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ
Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon)
إِنَّا مُنْزِلُونَ عَلَىٰ أَهْلِ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka
وَلَقَدْ تَرَكْنَا مِنْهَا آيَةً بَيِّنَةً لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Dene patilasane (wong ing sadzum/sodom kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane, minangka tandha yekti kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale
وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْآخِرَ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ
Ingsun wis ngutus Syu’aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang - nerangake marang para sedulure, yaiku wong - wong ing Madyan, Syu’aib ngendika mengkene, "Para seduluringsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina Qiyamat. Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi
فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ
Wong ing Madyan anggorohake marang Syu’aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe anempuh ingkono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane

Choose other languages: