Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #35 Translated in Jawa

قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوا يَا حَسْرَتَنَا عَلَىٰ مَا فَرَّطْنَا فِيهَا وَهُمْ يَحْمِلُونَ أَوْزَارَهُمْ عَلَىٰ ظُهُورِهِمْ ۚ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ
Temen padha wong kapitu- nan para kang padha anggorohaké marang sapatemoning Allah; nganti nalikané wayahé wis teka kalawan ngegèt, padha acalathu: Dhuh, cilaka awakku, déning anggonku anglirwakaké marang iku! Lan dhèwèké bakal padha anggéndhong sasanggané ana ing gegeré; lah ala temen apa kang padha disangga iku
وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۖ وَلَلدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ
Lan kauripan donya iku ora liya kajaba dodolanan sarta kabu- ngahan kang nglalèkaké; lan padu- nungan akhirat iku luwih becik tumrape para kang padha bekti; apa ta sira padha ora mangerti
قَدْ نَعْلَمُ إِنَّهُ لَيَحْزُنُكَ الَّذِي يَقُولُونَ ۖ فَإِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُونَكَ وَلَٰكِنَّ الظَّالِمِينَ بِآيَاتِ اللَّهِ يَجْحَدُونَ
Temen Ingsun angudanèni, manawa apa pangucapé yekti anusahaké sira, ananging temen dhèwèké ora padha anggorohaké sira, ananging para wong kang atindak dudu iku padha maido marang timbalan-timbalaning Allah
وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِنْ قَبْلِكَ فَصَبَرُوا عَلَىٰ مَا كُذِّبُوا وَأُوذُوا حَتَّىٰ أَتَاهُمْ نَصْرُنَا ۚ وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ وَلَقَدْ جَاءَكَ مِنْ نَبَإِ الْمُرْسَلِينَ
Lan sayekti para utusan ing sadurungira temen padha digo- rohaké, ananging padha sabar marang anggoné padha digorohaké sarta dikuya-kuya, nganti rawuhé pitulung-Ingsun marang dhèwèké; lan ora ana kang angowahi marang sabdaning Allah; lan temen- temen wus tumeka marang sira satengah saka pawarta prakara para utusan
وَإِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ إِعْرَاضُهُمْ فَإِنِ اسْتَطَعْتَ أَنْ تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِي الْأَرْضِ أَوْ سُلَّمًا فِي السَّمَاءِ فَتَأْتِيَهُمْ بِآيَةٍ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدَىٰ ۚ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Lan manawa anggoné padha anulak iku abot ingatasé sira, lah manawa sira bisa mamrih trowo- ngan ing bumi, utawa andha ing langit, dadi sira bisa anekakaké tandha marang dhèwèké – lan manawa Allah angarsakaké, amas- thi Panjenengané angimpun dhè- wèké kabèh dumunung ing pitu- duh; mulané aja sira padha dadi èwoné wong bodho-bodho

Choose other languages: