Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #38 Translated in Jawa

وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِنْ قَبْلِكَ فَصَبَرُوا عَلَىٰ مَا كُذِّبُوا وَأُوذُوا حَتَّىٰ أَتَاهُمْ نَصْرُنَا ۚ وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ وَلَقَدْ جَاءَكَ مِنْ نَبَإِ الْمُرْسَلِينَ
Lan sayekti para utusan ing sadurungira temen padha digo- rohaké, ananging padha sabar marang anggoné padha digorohaké sarta dikuya-kuya, nganti rawuhé pitulung-Ingsun marang dhèwèké; lan ora ana kang angowahi marang sabdaning Allah; lan temen- temen wus tumeka marang sira satengah saka pawarta prakara para utusan
وَإِنْ كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ إِعْرَاضُهُمْ فَإِنِ اسْتَطَعْتَ أَنْ تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِي الْأَرْضِ أَوْ سُلَّمًا فِي السَّمَاءِ فَتَأْتِيَهُمْ بِآيَةٍ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدَىٰ ۚ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْجَاهِلِينَ
Lan manawa anggoné padha anulak iku abot ingatasé sira, lah manawa sira bisa mamrih trowo- ngan ing bumi, utawa andha ing langit, dadi sira bisa anekakaké tandha marang dhèwèké – lan manawa Allah angarsakaké, amas- thi Panjenengané angimpun dhè- wèké kabèh dumunung ing pitu- duh; mulané aja sira padha dadi èwoné wong bodho-bodho
إِنَّمَا يَسْتَجِيبُ الَّذِينَ يَسْمَعُونَ ۘ وَالْمَوْتَىٰ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ ثُمَّ إِلَيْهِ يُرْجَعُونَ
Mung para kang padha angrungokaké, kang nampa; déné para wong mati, Allah bakal na- ngèkaké, tumuli bakal padha di- balèkaké marang Panjenengané
وَقَالُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۚ قُلْ إِنَّ اللَّهَ قَادِرٌ عَلَىٰ أَنْ يُنَزِّلَ آيَةً وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané kang diturunaké marang dhèwèké? Tutura: Sayekti Allah iku Kawasa anurunake tandha, ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا طَائِرٍ يَطِيرُ بِجَنَاحَيْهِ إِلَّا أُمَمٌ أَمْثَالُكُمْ ۚ مَا فَرَّطْنَا فِي الْكِتَابِ مِنْ شَيْءٍ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ يُحْشَرُونَ
Lan ora liya gegremet ing bumi, lan manuk kang miber kalawan suwiwiné loro iku kajaba umat papadhanira; ora ana apa-apa kang Ingsun lirwakaké ing jeroné kitab, tumuli bakal padha diimpun marang Pangérané

Choose other languages: