Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #40 Translated in Jawa

إِنَّمَا يَسْتَجِيبُ الَّذِينَ يَسْمَعُونَ ۘ وَالْمَوْتَىٰ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ ثُمَّ إِلَيْهِ يُرْجَعُونَ
Mung para kang padha angrungokaké, kang nampa; déné para wong mati, Allah bakal na- ngèkaké, tumuli bakal padha di- balèkaké marang Panjenengané
وَقَالُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِنْ رَبِّهِ ۚ قُلْ إِنَّ اللَّهَ قَادِرٌ عَلَىٰ أَنْ يُنَزِّلَ آيَةً وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané kang diturunaké marang dhèwèké? Tutura: Sayekti Allah iku Kawasa anurunake tandha, ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh
وَمَا مِنْ دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا طَائِرٍ يَطِيرُ بِجَنَاحَيْهِ إِلَّا أُمَمٌ أَمْثَالُكُمْ ۚ مَا فَرَّطْنَا فِي الْكِتَابِ مِنْ شَيْءٍ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ يُحْشَرُونَ
Lan ora liya gegremet ing bumi, lan manuk kang miber kalawan suwiwiné loro iku kajaba umat papadhanira; ora ana apa-apa kang Ingsun lirwakaké ing jeroné kitab, tumuli bakal padha diimpun marang Pangérané
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا صُمٌّ وَبُكْمٌ فِي الظُّلُمَاتِ ۗ مَنْ يَشَإِ اللَّهُ يُضْلِلْهُ وَمَنْ يَشَأْ يَجْعَلْهُ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan Ingsun, iku padha budheg lan bisu ana ing sajroning pepeteng kang lilimengan; sapa sing dikar- sakaké déning Allah, disasaraké,a lan sapa sing dikarsakaké, didamel ngambah ing dadalan kang bener
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ أَوْ أَتَتْكُمُ السَّاعَةُ أَغَيْرَ اللَّهِ تَدْعُونَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Calathua: Mara aku kandha- nana, manawa siksaning Allah tumeka marang sira utawa wayahé anékani sira, apa sira bakal padha anguwuh saliyané Allah, manawa sira iku padha wong temen

Choose other languages: