Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #43 Translated in Jawa

وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا صُمٌّ وَبُكْمٌ فِي الظُّلُمَاتِ ۗ مَنْ يَشَإِ اللَّهُ يُضْلِلْهُ وَمَنْ يَشَأْ يَجْعَلْهُ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan Ingsun, iku padha budheg lan bisu ana ing sajroning pepeteng kang lilimengan; sapa sing dikar- sakaké déning Allah, disasaraké,a lan sapa sing dikarsakaké, didamel ngambah ing dadalan kang bener
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ أَوْ أَتَتْكُمُ السَّاعَةُ أَغَيْرَ اللَّهِ تَدْعُونَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Calathua: Mara aku kandha- nana, manawa siksaning Allah tumeka marang sira utawa wayahé anékani sira, apa sira bakal padha anguwuh saliyané Allah, manawa sira iku padha wong temen
بَلْ إِيَّاهُ تَدْعُونَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُونَ إِلَيْهِ إِنْ شَاءَ وَتَنْسَوْنَ مَا تُشْرِكُونَ
Balik marang Panjenengané panguwuhira, banjur Panjenengané bakal ambirat apa kang padha sira suwun , manawa Panjene- ngané kapareng sarta sira bakal padha lali marang apa kang padha sira dadèkaké sisihan
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِنْ قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُمْ بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ
Lan yekti temen Ingsun wus angutus marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhe- dhépé
فَلَوْلَا إِذْ جَاءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوا وَلَٰكِنْ قَسَتْ قُلُوبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lah, yagéné nalika pidana- Ningsun anekani dhèwèké ora padha adhedhepé? Lan malah padha atos atiné sarta sétan amamaèsi tumrap dhèwèké apa kang wus padha dilakoni

Choose other languages: