Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #45 Translated in Jawa

بَلْ إِيَّاهُ تَدْعُونَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُونَ إِلَيْهِ إِنْ شَاءَ وَتَنْسَوْنَ مَا تُشْرِكُونَ
Balik marang Panjenengané panguwuhira, banjur Panjenengané bakal ambirat apa kang padha sira suwun , manawa Panjene- ngané kapareng sarta sira bakal padha lali marang apa kang padha sira dadèkaké sisihan
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِنْ قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُمْ بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ
Lan yekti temen Ingsun wus angutus marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhe- dhépé
فَلَوْلَا إِذْ جَاءَهُمْ بَأْسُنَا تَضَرَّعُوا وَلَٰكِنْ قَسَتْ قُلُوبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lah, yagéné nalika pidana- Ningsun anekani dhèwèké ora padha adhedhepé? Lan malah padha atos atiné sarta sétan amamaèsi tumrap dhèwèké apa kang wus padha dilakoni
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّىٰ إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُمْ بَغْتَةً فَإِذَا هُمْ مُبْلِسُونَ
Ananging bareng dhèwèké padha anglirwakaké apa kang wus dipépélingaké, Ingsun ambukakaké dhèwèké lawang-lawangé samu- barang, nganti, nalikané padha abungah-bungah déning apa kang wus kaparingaké, Ingsun patrapi kalawan ngegèt; lah, mara, ing kono padha putung pangarep- arepé
فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Banjur wong kang padha atindak dudu oyodé dikethok; lan sakèhing pangalembana iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh. A

Choose other languages: