Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #30 Translated in Jawa

وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْأَوْنَ عَنْهُ ۖ وَإِنْ يُهْلِكُونَ إِلَّا أَنْفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ
Lan dhèwèké padha menging sarta dhèwèké dhéwé angedohi iku, lan ora liya kajaba padha angrusak jiwané dhéwe lan ora padha rumasa
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَى النَّارِ فَقَالُوا يَا لَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِآيَاتِ رَبِّنَا وَنَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
Lan yèn ta sira weruha nali- kané dhèwèké padha diendheg ing sangareping geni, tumuli padha calathu: O, mbok aku iki dibalèk- aké, lan ora bakal aku anggorohaké timbalan-timbalané Pangéranku sarta aku bakal padha dadi golo- ngané para angèstu
بَلْ بَدَا لَهُمْ مَا كَانُوا يُخْفُونَ مِنْ قَبْلُ ۖ وَلَوْ رُدُّوا لَعَادُوا لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَإِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ
O, balik dadi kawedhar tumrap dhèwèké apa kang padha kasingidaké dhèk biyèn lan yèn ta padha dibalèkna, masthi padha bakal padha ambalèni apa kang padha kalarangan, lan sayekti dhèwèké iku temen padha wong goroh
وَقَالُوا إِنْ هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوثِينَ
Lan dhèwéke pada calathu: ora ana kajaba kauripanku ing donya iki lan ora bakal aku padha ditangèkaké
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَىٰ رَبِّهِمْ ۚ قَالَ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۚ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُونَ
Lan yèn ta sira weruha nalikané dhèwèké padha diendheg ing ngarsaning Pangérané. Panje- nengané bakal angandika: Apa ta iki dudu yakti? Bakal padha mun- juk: inggih dhemi Pangéran kawu- la. Panjenengané bakal angandika: Lah padha angrasakna siksa iku, déning anggonira padha angafiri

Choose other languages: